UPACARA NGUNDHUH SUSUH LAWET ING KARANGDHUWUR, AYAH, KEBUMEN

Zuhriyah, Umma Wahidatuz (2013) UPACARA NGUNDHUH SUSUH LAWET ING KARANGDHUWUR, AYAH, KEBUMEN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Umma Wahidatuz Zuhriyah 09205244044.pdf

Download (19MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge nggambaraken mula bukaning upacara ngundhuh susuh lawet, tata upacara ngundhuh susuh lawet kalihan makna simbolik sajen wonten ing upacara ngundhuh susuh lawet. Panaliten menika ngginakaken metode kualitatif. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten inggih menika kanthi observasi partisipasi, wawancara mendalam kalihan karyawan ingkang mangertos babagan upacara ngundhuh susuh lawet. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak kanthi dipunbiyantu ngginakaken handphone, camera digital, cathetan lapangan observasi saha pirembagan sarta alat tulis. Cara analisis data ngginakaken analisis induktif kanthi kategorisasi kalihan nandhingaken kanthi lanjut. Cara ngesahaken data ngginakaken triangulasi sumber kalihan triangulasi metode. Asiling panaliten nedahaken menawi (1) Mula bukaning upacara ngundhuh susuh lawet dipunwiwiti wontenipun abdi Kerajaan Mataram ingkang manggihaken susuh lawet ingkang gadhah paedah kangge mantunaken maneka werni penyakit. Ananging anggenipun mendhet susuh lawet menika awrat sanget ngengingi guwa menika wonten ing sapinggiring segara. Supados para pangundhuh susuh lawet menika saged wilujeng, pramila masarakat ngawontenaken wilujengan upacara ngundhuh susuh lawet. (2) Upacara ngundhuh susuh lawet inggih menika (a) cecawis kabutuhan olah-olah saha cecawis papan, (b) Tata upacara ngundhuh susuh lawet inggih menika mragat maesa, pasang sajen, kenduren wonten ngabulaken, ndonga saha dhahar wilujengan, (c) adicara hiburan inggih menika wayangan, kuda lumping saha tari topeng, (d) panutup inggih menika tanggap wacana Bapak Lurah saha pamentasan tari lengger. (3) Makna simbolik sajen (a) cokbang lambang keberanian, (b) cengkaruk gimbal lambang irit, (c) jangan mi namung panjangkep sajen, (d) pula lambang manunggalaken kekiatan, (e) sega golong lambang kerja sama, (f) sega tompon saha degan maknanipun ngurmati para karyawan langkung sepuh, (g) uncet saha kepyar lambang ngabekti dhumateng Gusti Allah SWT, (h) daging mentah saha mateng lambang supados biyantu, (i) gendhis jawi saha krambil lambang semangat saha suci, (j) wedang kopi lambang njagi bumi, (k) wedang putih lambang nindakaken pakaryan kanthi fokus, (l) wedang godhong dhadhap srep lambang adem ayem, (m) komoh kembang, jembawuk saha rokok pernit lambang kangge leluhur, (n) arang-arang kambang lambang njagi lingkungan alam, (o) gedhang raja saha ambon lambang sesembahan ingkang sae, (p) kembang lambang milih cara ingkang sae, (q) parem kangge pewangi. Masarakat nindakaken upacara ngundhuh susuh lawet jalaran masarakat pitados kanthi upacara menika samangke para pengundhuh saha kulawarganipun saged wilujeng utawi boten wonten alangan satunggal menapa.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: upacara ngundhuh susuh lawet, karangdhuwur
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 04:10
Last Modified: 30 Jan 2019 02:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25195

Actions (login required)

View Item View Item