PENGEMBANGAN MEDIAINTERAKTIF KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 WONTEN ING PIWULANGAN LAGU DOLANAN TUMRAP SISWA KELAS VII

Hardiyanti, Tri Ari (2013) PENGEMBANGAN MEDIAINTERAKTIF KANTHI APLIKASI ADOBE FLASH CS5 WONTEN ING PIWULANGAN LAGU DOLANAN TUMRAP SISWA KELAS VII. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Tri Ari Hardiyanti 09205241067.pdf

Download (49MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge: (1) ngandharaken tahap-tahap-damel-media interaktif kanthi aplikasi Adobe Flash CS5 wonten ing piwulangan lagu dolanan tumrap siswa kelas VII; (2) ngandharaken evaluasi kualitasmedia interaktif piwulangan lagu dolanan dening dosen ahli materi saha dosen ahli media; saha (3) ngandharaken pamanggihipun guru basa Jawi saha siswa kelas VII tumrap kualitas andharan materi saha tampilan media. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D). Panaliten R&D inggih menika panaliten pengembangankanthi caratartamtu satemahsaged ngasilaken satunggalingproduk. Produk ingkang dipunasilaken wonten panaliten menika media interaktif piwulangan lagu dolanan kanthi aplikasi Adobe Flash CS5 ingkang dipundadosaken wujud CD (Compact Disk). Produk media menika dipundamel sarta dipunevaluasi dening dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi saha siswa kelas VII. Asiling evaluasi dipunandharaken kanthi deskriptif kangge mangertosi kualitas media interaktif piwulangan lagu dolanan. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) anggenipun damel media menika wonten tahap-tahap ingkang kedah dipunlampahi kanthi urut inggih menika tahap nganalisis, tahap desain media, tahap damel media, tahap validasi saha ujicoba, sarta asiling produk media; (2) asiling evaluasi kualitas media dening dosen ahli materi ingkang kaperang dados kalih perangan pikantuk rata-rata prosentase 90% kagolong kategori sae sanget, evaluasi dening dosen ahli mediaingkang kaperang dados kalih perangan pikantuk rata-rata prosentase 83% kagolong kategori sae sanget; saha (3) evaluasi kualitas media miturut pamanggih guru basa Jawi media menika kagolong kategori sae sanget pikantuk rata-rata prosentase 84%, asiling angket pamanggih siswa tumrap panganggenipun media interaktifpiwulangan lagu dolanan pikantuk rata-rata prosentase 89% kagolong kategori sarujuk sanget. Prosentase siswa ingkang saged nggayuh standar KKM anggenipun nggarap gladhen soal ing salebeting media 83%. Wondene ingkang boten saged nggayuh standar KKM menika 17%. Kanthi makaten saged dipunmangertosi bilih media interaktif piwulangan lagu dolanan menika saged narik kawigatosan siswa sarta saged nggampilaken siswa anggenipun mangertosi materi piwulangan lagu dolanan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: pengembangan media interaktif, adobe flash CS5, lagu dolanan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 04:04
Last Modified: 30 Jan 2019 02:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25193

Actions (login required)

View Item View Item