PANGANGGENIPUN LELEWANING BASA PERTENTANGAN WONTEN ING ROMAN CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA

Loura, Sesinia Rendhi (2013) PANGANGGENIPUN LELEWANING BASA PERTENTANGAN WONTEN ING ROMAN CINTRONG PAJU-PAT ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Sesinia Rendhi Loura 09205244057.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken panganggenipun lelewaning basa pertentangan wonten ing roman Cintrong Paju-pat anggitanipun Suparto Brata. Panganggenipun lelewaning basa menika ngandharaken wujud satuan lingual, jinis, jinis makna, saha ginanipun lelewaning basa pertentangan. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Dhata wonten ing panaliten menika awujud tembung, frasa, klausa, saha ukara ingkang mujudaken lelewaning basa pertentangan gayut kaliyan jinis, jinis makna, saha ginanipun. Sumber dhata panaliten inggih menika roman Cintrong Paju-Pat anggitanipun Suparto Brata. Caranipun ngempalaken dhata katindakaken kanthi cara maos saha nyerat. Piranti panaliten inggih menika panaliti piyambak minangka human instrument ingkang kabantu dening kartu dhata. Dhata ingkang sampun dipunkempalaken dipunanalisis ngginakaken teknik deskriptif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas semantik saha pertimbangan ahli, lajeng reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intra-rater. Asiling panaliten nedahaken bilih wujud satuan lingual ingkang mujudaken lelewaning basa pertentangan wonten ing roman Cintrong Paju-pat anggitanipun Supato Brata inggih menika awujud tembung, frasa, klausa, saha ukara. Jinis lelewaning basa pertentangan ingkang kapanggihaken inggih menika hiperbola, litotes, oksimoron, paronomasia, anastrof, zeugma, silepsis, inuendo, histeron proteron, antifrasis, klimaks, antiklimaks, satire, sinisme, saha sarkasme. Jinising makna lelewaning basa pertentangan ingkang kapanggihaken wonten ing roman Cintrong Paju-pat anggitanipun Suparto Brata inggih menika makna sinerat saha makna boten sinerat. Ginanipun lelewaning basa hiperbola, litotes, oksimoron, paronomasia, anastrof, zeugma, silepsis, inuendo, histeron proteron, antifrasis, klimaks, antiklimaks, satire, sinisme, saha sarkasme kangge ngandharaken gagasan, suka daya pangaribawa kaendahan, mujudaken kesan saha kawontenan mirunggan, nggesangaken gambaran, saha kangge nggambaraken raos pangraos paraga.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: lelewaning basa, pertentangan, roman cintrong paju-pat
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 03:57
Last Modified: 30 Jan 2019 02:10
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25191

Actions (login required)

View Item View Item