KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA MADURA ADHEDHASAR BAUSASTRA JAWA KALIYAN KAMUS MADURA

Pangesti, Rita Budi (2013) KEKERABATAN BASA JAWI SAHA BASA MADURA ADHEDHASAR BAUSASTRA JAWA KALIYAN KAMUS MADURA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Rita Budi Pangesti 09205241001.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken bab kekerabatan basa Jawi saha basa Madura adhedhasar Bausastra Jawa kaliyan kamus Madura. Bab kekerabatan basa menika dipuntingali saking korespondensi swanten saha teges sarta prosentasenipun. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung-tembung, inggih menika tembung lingga basa Jawi saha tembung lingga basa Madura ingkang cacahipun 200 tembung. Tembung lingga ingkang kaginakaken adhedhasar Morris Swasdesh. Sumber data ing panaliten inggih menika Bausastra Jawa anggitanipun Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta kaliyan kamus Madura anggitanipun Adrian Pawitra ingkang dipunjangkepi kaliyan ejaan fonetisipun. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis Linguistik Historis Komparatif. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data wonten ing panaliten inggih menika metode padan intralingual kanthi teknik maos saha nyerat. Data dipunanalisis nginakaken metode deskriptif historis inggih menika panaliti ngandharaken korespondensi swanten saha teges sarta kapendhet prosentasenipun. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori, salajengipun kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika wujud korespondensi swanten saha prosentase kekerabatan basa Jawi saha basa Madura. Wujud korespondensi jalaran wontenipun vokal vokal, konsonan konsonan, nasal vokal, nasal nasal, tambahing konsonan, tambahing nasal, icaling konsonan, icaling vokal, ewahing papan fonem, vokal diftong. Distribusi fonem-fonem ingkang berkorespondensi mapan ing wiwitaning tembung,wanda menga utawi posisi terbuka,antawisipun konsonan,antawisipun vokal,antawisipun vokal kaliyan konsonan,tengahing tembung saha pungkasaning tembung. Tembung-tembung berkorespondensi wonten ingkang asipat sistematis saha sporadis. Tembung-tembung berkorespondensi ingkang asipat sistematis inggih menika hukum Brandes II*r,hukum fonem */ə/,hukum fonem */h/,saha hukum fonem */k/. Hukum bunyi asipat sporadis inggih menika metatesis,afresisi,sinkope,apokope, epentensis saha paragog. Prosentase kekerabatan basa Jawi saha basa Madura inggih menika 55% (110 tembung sakrabat) saking 200 glos Morris Swadesh, kaperang saking basa Jawi ngoko-basa Madura ngoko 48.5% (97 tembung sakrabat), basa Jawi ngoko-basa Madura krama 3 % (6 tembung sakrabat), basa Jawi krama-basa Madura ngoko 3.5% (7 tembung sakrabat). Prosentase kasebat kalebet kategori kulawarga basa utawi family. Prosentase basa Jawi ngoko-basa Madura ngoko langkung kathah amargi boten sedaya basa ngoko wonten basa kramanipun, nanging basa krama ing basa Jawi saha basa Madura mesti wonten basa ngokonipun;saking leksikon Bausastra Jawa saha kamus Madura ugi kathah kapanggihaken basa ngoko;bedanipun tingkat tutur basa Jawi saha basa Madura.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kekerabatan, basa jawi, basa madura, bausastra jawa, kamus madura
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 03:13
Last Modified: 30 Jan 2019 02:00
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25184

Actions (login required)

View Item View Item