TEMBUNG TANDUK WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN WULAN DESEMBER 2012

Chasanah, Nur (2013) TEMBUNG TANDUK WONTEN ING RUBRIK CERKAK KALAWARTI PANJEBAR SEMANGAT WEDALAN WULAN DESEMBER 2012. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Nur Chasanah 09205244001.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken tembung tanduk wonten ing rubrik cerkak kalawarti Panjebar Semangat wedalan wulan desember 2012. Tembung tanduk ingkang dipuntliti gayut kaliyan wujud saha tegesipun kanthi ningali wuwuhan ingkang rumaket ing tembung lingganipun. Panaliten menika mujudaken panaliten deskriptif inggih menika ngandharaken tembung tanduk wonten ing rubrik cerkak kalawarti Panjebar Semangat wedalan wulan desember 2012. Data panaliten menika awujud ukara ingkang salebetipun wonten tembung tandukipun, sumbering data ngginakaken kalawarti Panjebar Semangat inggih menika perangan rubrik cerkak kanthi 4 irahirahan. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika tabel analisis data ingkang dipunbiyantu kaliyan kertu data. Caranipun nganalisis data inggih menika kanthi cara rimbag saha cara deskriptif ingkang kanthi lampahan identifikasi, dipunpantha-pantha, reduksi, ngrimbag, lajeng dipunrembag miturut kategori. Caranipun ngesahaken data kanthi cara validitas saha reliabilitas data, validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas triangulasi teori wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken wujud saha teges saking tembung tanduk wonten ing rubrik cerkak kalawarti Panjebar Semangat. Wujudipun tembung tanduk inggih menika awujud tembung andhahan saha rangkep. Menawi dipuntingali saking wujud tembung andhahan menika kapanggihaken 4 wujud, inggih menika hanuswara+lingga, hanuswara+lingga+-i, hanuswara+lingga+-ake, saha hanuswara+-ne. Wondene wujud rangkep menika kapanggihaken 2 wujud inggih menika N-R saha N-R-/-ake. Tegesipun tembung tanduk saking wuwuhanipun menika kaperang dados 13, inggih menika nindakaken pakaryan kados ingkang dipunsebataken lingganipun, nindakaken pakaryan ingkang gegayutan kaliyan menapa ingkang dipunsebataken lingganipun, nindakaken tumindak kanthi manggeni menapa ingkang dipunsebataken lingganipun, nindakaken tumindak ingkang boten dipunsengaja, nglampahi tumindak kados dene menapa ingkang dipunsebataken lingganipun, nindakaken tumindak kanthi ngginakaken menapa ingkang dipunsebat lingganipun, nindakaken pakaryan utawi dados menapa ingkang dipunsebat lingganipun, nindakaken pakaryan kanthi tumuju ing sawijining papan, ngedalaken swanten ingkang dipunsebat lingganipun, nindakaken pakaryan kanthi ngambal-ambali, nindakaken tumindak kanthi ngambal-ambali ngginakaken menapa ingkang dipunsebat lingganipun, andadosaken sawijining kados dene ingkang dipunsebataken ing lingganipun, saha nindakaken tumindak kangge tiyang sanes.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tembung tanduk, cerkak, kalawarti panjebar semangat
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 03:07
Last Modified: 19 Oct 2020 05:17
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25179

Actions (login required)

View Item View Item