KALEPATAN FONOLOGIS SAHA MORFOLOGIS BASA JAWI ING SUBTITLE FILM KOREA SPY GIRL

Purwanti, Nugraheni Sri (2013) KALEPATAN FONOLOGIS SAHA MORFOLOGIS BASA JAWI ING SUBTITLE FILM KOREA SPY GIRL. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Nugraheni Sri Purwanti 09205241032.pdf

Download (33MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten inggih menika kangge ngandharaken kalepatan ing subtitle film Korea Spy Girl. Wujuding kalepatan ingkang dipunrembag ing panaliten inggih menika kalepatan fonologis saha morfologis basa Jawinipun. Panaliten menika minangka panaliten deskriptif. Sumber datanipun awujud subtitle film Korea Spy Girl ingkang dipunterjemahaken dening Deny ingkang alamat emailipun francaiseok@yahoo.com. Data panaliten awujud tembungtembung basa Jawi ingkang ngemu kalepatan ing perangan fonologis saha morfologis ing film Spy Girl. Basa Jawi ingkang dipunginakaken inggih menika basa ngoko ingkang adatipun dipunginakaken ing basa padintenan. Data dipunkempalaken kanthi cara waos saha cathet lajeng dipunanalisis kanthi teknik analisis deskriptif. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha expert judgment. Teori ingkang dipunginakaken inggih menika teori kalepatan fonologi saha morfologi. Dene reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika awujud kalepatan fonologis saha morfologis ing subtitle film Korea Spy Girl. Kalepatan fonologis ingkang dipunpanggihaken inggih menika kalepatan silabisasi saha ejaan. Kalepatan silabisasi gayut kalihan tembung ingkang dipuntambah vokal utawi konsonan saha dipunkirangi vokal utawi konsonan. Kalepatan ejaan gayut kalihan panyerating tembung ingkang lepat ejaan vokal utawi konsonan. Dene kalepatan morfologis ingkang dipunpanggihaken inggih menika kalepatan panyerating tembung ancer-ancer; panyerating tembung klitika; saha proses pandhapuking tembung inggih menika panyerating ater-ater, panambang, wuwuhan sesarengan ingkang dipunpisah, tembung rangkep ingkang kirang tandha panggandheng saha ingkang dipunringkes ngginakaken angka kalih. Ing panaliten menika ugi kapanggihaken kalepatan fonologis ugi morfologis ing salebeting satunggal tembung, inggih menika kalepatan panyerating tembung ingkang dipuntambah vokal saha lepat ing panyerating wuwuhanipun. Tembung ingkang kirang konsonan saha lepat ing panyerating proklitik, ater-ater, wuwuhan sesarengan sarta tembung rangkep. Tembung ingkang lepat ejaan vokal saha lepat ing panyerating proklitik, ater-ater, panambang, sarta tembung rangkep. Tembung ingkang lepat ejaan konsonan saha lepat ing panyerating wuwuhan sesarengan, proklitik, enklitik, panambang, sarta tembung rangkep.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kalepatan fonologis, morfologis, subtitle film korea spy girl
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 03:03
Last Modified: 30 Jan 2019 01:59
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25178

Actions (login required)

View Item View Item