TEMBANG IRINGAN KESENIAN GRASAK KANTHI TEMA ALAM LINGKUNGAN (WISNU VS DURGA) ING DHUSUN PETUNG KIDUL PAKIS MAGELANG

Widiastuti, Linda Agusta Indra (2013) TEMBANG IRINGAN KESENIAN GRASAK KANTHI TEMA ALAM LINGKUNGAN (WISNU VS DURGA) ING DHUSUN PETUNG KIDUL PAKIS MAGELANG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Linda Agusta Indra Widiastuti 09205244027.pdf

Download (22MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika ngandharaken babagan sejarahipun kesenian grasak saha maknanipun tembang iringan wonten ing salebeting kesenian grasak kanthi tema alam lingkungan (Wisnu Vs Durga) ing Dhusun Petung Kidul Pakis Magelang. Ancasing panaliten menika kangge ndeskripsikaken sejarahipun kesenian grasak saha ndeskripsikaken makna tembang iringan kesenian grasak. Cara panaliten ngginakaken pendekatan etnografi. Data awujud primer saha sekunder. Data primer dipunpanggihaken saking informan kunci (ketua, sesepuh paguyuban, pengrakit sekar, koreografer, panata iringan, paraga tari saha panata ageman), dene data sekunder dipunpanggihaken saking informan biyasa (pamirsa pentas kesenian grasak). Caranipun ngempalaken data menika kanthi observasi partisipasi, wawancara mendalam saha dokumentasi. Pirantining panaliten menika panaliti piyambak kanthi ambyur langsung dados paraga utami Bathari Durga saha ngginakaken pirantos pambiyantu kangge ngrekam video, kamera foto, cathetan lapangan saha pirantos kangge nyerat. Cara nganalisis data kanthi open coding, axial coding saha display coding. Cara ngesahaken data ngginakaken triangulasi sumber, triangulasi metode saha check data. Asiling panaliten inggih menika: (1) Sejarahipun kesenian grasak wiwit taun 2003 dipunrintis Bapak Timbul minangka ketua Paguyuban Lumaras Budaya. Asal usulipun grasak methil saking kesenian campur bawur (raja, piyayi, alusan, cakil, kethek saha buta), dipunpendhet butanipun kemawon amargi larenipun kantun sekedhik, lajeng dipunwastani grasak, amargi wujudipun buta – buta ingkang tumindak sarwa kasar, bedhigasan saha brangasan, kesenian grasak kesenian ingkang fleksibel, (2) Maknanipun sedaya tembang iringan kesenian grasak awit saking Pangkur dumugi Durma inggih menika kangge ngemutaken para manungsa babagan tandha – tandha risaking alam, gegambaran medalipun Sang Durga (atasan) lajeng ngutus wadyabala (bawahan) ngrisak alam, ananging dipunalang-alangi Dewa Wisnu (malaikatipun Gusti) saha kangge ngajak dhateng manungsa supados nglestantunaken alam. Gayutipun makna tembang kaliyan seni beksan saha struktur iringanipun menika tembang kangge nyariosaken seni beksan saben adheganipun, dene struktur iringan njumbuhaken makna utawi cariyosipun tembang saha njumbuhaken temponipun tembang. Kesenian grasak wiwit taun 2003 saking kesenian campur bawur ingkang dipunpethil butanipun kemawon. Makna sedaya tembang iringan inggih menika para pamirsa saged mangertos watak manungsa ing alam donya menika wonten 2: becik (Wisnu) saha ala (Durga), pramila pamirsa sageda nuladhani watak sabar narima, gandrung kaliyan alam saha prihatos ingkang ageng kados Dewa Wisnu.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tembang iringan, kesenian grasak, dhusun petung
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 02:54
Last Modified: 30 Jan 2019 01:59
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25176

Actions (login required)

View Item View Item