PANGANGGENNING LELEWANING BASA WONTEN ING NOVEL KATRESNAN LINGSIR SORE ANGGITANIPUN YUNANI

Setyaningrum, Lely Dyah (2013) PANGANGGENNING LELEWANING BASA WONTEN ING NOVEL KATRESNAN LINGSIR SORE ANGGITANIPUN YUNANI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Lely Dyah Setyaningrum 09205244040.pdf

Download (7MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken jinis lelewaning basa saha manpangat lelewaning basa ingkang dipunginakaken wonten salebeting novel Katresnan Lingsir Sore anggitanipun Yunani. Panaliten menika kalebet panaliten analisis isi (conten analysis). Data ing panaliten menika jinis lelewaning basa saha manpangat lelewaning basa. Sumber datanipun inggih menika novel Katresnan Lingsir Sore anggitanipun Yunani. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi maos saha teknik nyerat. Data dipunanalisis ngginakaken metode analisis isi inggih menika panaliti ngandharaken jinis lelewaning basa saha manpangat lelewaning basa. Validitas data ngginakaken validitas sematik saha pertimbangan ahli, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas intra-rater. Asiling panaliten inggih menika jinis lelewaning basa ingkang dipunpanggihaken wonten ing novel Katresnan Lingsir Sore anggitanipun Yunani menika ngemot enem likur jinis lelewaning basa, ingkang dipunpantha dados gangsal kelompok ageng, inggih menika (a) jinis lelewaning basa perbandingan: hiperbola, metonomia, personifikasi, depersonifikasi, pleonasme, metafora, alegori, sinekdoke, alusio, smile (perumpamaan), asosiasi, eufemisme, eponim, saha hipalase; (b) lelewaning basa perulangan: aliterasi, epizeukis, saha mesodiplosis; (c) lelewaning basa sindhiran: innuendo, sarkasme, saha satire; (d) lelewaning basa pertentangan: anthithesis, saha litotes; (e) lelewaning basa penegasan: epifora, repetisi, klimaks, saha anti klimaks. Manpangat lelewaning basa wonten ing novel Katresnan Lingsir Sore anggitanipun Yunani inggih menika kangge damel endah ungel saha tuturan, nyangetaken tuturan, ngonkretaken perkawis ingkang abstrak, ngandharaken gambaran, nuwuhaken kesan saha swasana tartamtu, ngringkes tuturan saha seratan, sarta gegambaran raosing tokoh.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: lelewaning basa, novel katresnan lingsir sore
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 02:45
Last Modified: 30 Jan 2019 01:59
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25169

Actions (login required)

View Item View Item