TINDAK TUTUR PAKON ING NOVEL KUNARPA TAN BISA KANDHA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA

Istikhomah, Fajar (2013) TINDAK TUTUR PAKON ING NOVEL KUNARPA TAN BISA KANDHA ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Fajar Istikhomah 09205241013.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten inggih menika njlentrehaken jinising tindak tutur pakon. Njlentrehaken titikanipun pakon tanduk saha pakon tanggap. Salajengipun njlentrehaken tegesing pakon wonten novel Kunarpa Tan Bisa Kandha. Panaliten menika ngginakaken metode deskriptif. Sumber data panaliten inggih menika novel Kunarpa Tan Bisa Kandha anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika ngrembag mliginipun perkawis tindak tutur pakon tanduk saha pakon tanggap. Data dipunkempalaken kanthi teknik maos saha teknik cathet. Data dipunanalisis kanthi teknik analisis deskripsi. Data kaesahaken kanthi cara validitas (triangulasi teori) saha reliabilitas (stabilitas). Asiling panaliten gayut kaliyan (1) jinising tindak tutur pakon wonten novel Kunarpa Tan Bisa Kandha anggitanipun Suparto Brata dipuntingali saking tinjauan sudut pandang pragmatik inggih menika tindak tutur saha cakrik ukara. Dipuntingali kanthi struktural cakrik ukara inggih menika cakrik ukara pakon, ukara carita, saha ukara pitaken, (2) titikanipun pakon tanduk wonten novel Kunarpa Tan Bisa Kandha anggitanipun Suparto Brata kapanggihaken kalih titikan inggih menika sarana panambang {–a}, {-ana}/{-nana}. Panambang {–a} saged manggen wonten lingga utawi tanduk wantah. Pakon tanggap wonten novel Kunarpa Tan Bisa Kandha anggitanipun Suparto Brata kapanggihaken tigang titikan inggih menika sarana panambang {-en}/{-nen}, {-ana}/{-nana}, saha {–na}/{-kna}, saha (3) tegesing pakon ing novel Kunarpa Tan Bisa Kandha anggitanipun Suparto Brata kapanggihaken gangsal wujud inggih menika pakon limrah, pakon panantang, pakon paminta, pakon pangajak, saha pakon pamenging.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tindak tutur, novel, kunarpa tan bisa kandha
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 02:41
Last Modified: 30 Jan 2019 01:59
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25167

Actions (login required)

View Item View Item