UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO

Kurniawati, Endri (2013) UNDHA-USUK BASA JAWI MASARAKAT DHUSUN CEKELAN BLONDO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Endri Kurniawati 09205241062.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten panganggenipun undha-usuk basa Jawi masarakat dhusun Cekelan Blondo inggih menika panaliten deskriptif. Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinising undha-usuk basa Jawi saha fungsi panganggenipun undha-usuk basa Jawi masarakat dhusun Cekelan Blondo. Fokus panaliten inggih menika panganggenipun undha-usuk basa Jawi masarakat dhusun Cekelan Blondo, langkung cetha wonten ing aspek jinising undha-usuk basa Jawi saha fungsi panganggenipun undha-usuk basa Jawi. Instrumen panaliten menika awujud kertu data. Data ingkang dipunkempalaken salajengipun dipunanalisis ngginaaken teknik analisis deskriptif, inggih menika ndeskripsiaken utawi ngandharaken jinising undha-usuk basa Jawi saha fungsi panganggenipun undha-usuk basa Jawi. Uji validitas data ngginaaken validitas semantis, wondene reliabilitas ingkang dipunginaaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika nedahaken jinis undha-usuk basa Jawi ingkang dipunginaaken anggenipun wicantenan dhumateng masarakat dhusun Cekelan Blondo inggih menika ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu saha krama alus. Fungsi panganggenipun undha-usuk basa Jawi ingkang wonten ing panaliten inggih menika fungsi fatik, fungsi emotif, fungsi konatif saha fungsi referensial. Fungsi fatik saged dipunwujudaken kangge uluk-salam. Fungsi emotif saged dipunwujudaken kangge ngandharaken raos jengkel, kuciwa, sedhih saha bingah. Fungsi konatif saged dipunwujudaken kangge ndhawuhi, ngemutaken, pamrayogi, nawakaken, panyuwun, kawratan, nyarujuki, saha pamundhutan pirsa. Fungsi referensial saged dipunwujudaken kangge ngandharaken pawartos.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: undha-usuk basa jawi, dhusun cekelan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 02:37
Last Modified: 30 Jan 2019 01:59
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25164

Actions (login required)

View Item View Item