NAMA PERANGANING BUSANA, GERAK DHASAR, SAHA GAMELAN WONTEN ING REOG WAYANG KRIDHA BEKSA LUMAKSANA

Pangastuti, Bekti (2013) NAMA PERANGANING BUSANA, GERAK DHASAR, SAHA GAMELAN WONTEN ING REOG WAYANG KRIDHA BEKSA LUMAKSANA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Bekti Pangastuti 09205244068.pdf

Download (9MB) | Preview

Abstract

Ancasipun panaliten inggih menika ngandharaken nama wonten ing reog wayang Kridha Beksa Lumaksana. Ingkang dipunrembag inggih menika nama peranganing busana, gerak dhasar, saha gamelan. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ingkang dipunpanggihaken inggih menika andharan nama peranganing busana, gerak dhasar, saha gamelan wonten ing reog wayang Kridha Beksa Lumaksana. Cara ngempalaken data dipuntindakaken kanthi ningali langsung, wawan pirembagan kaliyan narasumber, dokumentasi, saha study kapustakan. Cara nganalisis data inggih menika ngempalaken data asiling observasi saha wawan pirembagan, dipunklompokaken adhedhasar jinisipun wonten ing kartu data, lajeng dipunreduksi. Data salajengipun dipunanalisis adhedhasar teori seserepan basa. Kangge ngesahaken bilih data menika valid dipunginakaken validitas saha triangulasi inggih menika validitas semantik saha triangulasi sumber. Asiling panaliten menika awujud andharan nama wonten ing reog wayang Kridha Beksa Lumaksana. Data ingkang dipunpanggihaken inggih menika nama peranganing busana dipuntingali saking bahaning busana, wujudipun, saha paraga ingkang ngginakaken. Nama gerak dhasar dipuntingali saking ancas, saha maknanipun gerak dhasar ing reog wayang Kridha Beksa Lumaksana. Nama gamelan dipuntingali saking wujudipun, bahan ingkang dipunginakaken kangge damel, saha swantenipun. Busana ingkang dipunginakaken wonten binggel, bara, buntal, celana, deker, draperi, endhong, irah–irahan gelung, irah-irahan tropong, irah-irahan songkok, irah-irahan gimbal, jarik parang barong ageng ceplok gurdha, jarik parang barong alit ceplok gurdha, jarik parang klithik, jarik parang rusak, jarik poleng, kace, kalung, kamus, kaweng, keris, klat bahu, klinthing, praba, rampek, rompi, sampur, simbar dhadha, setagen, slempang, sumping, timang, uncal. Gerak dhasar ingkang dipuntindakaken wonten ajon–ajon, jogedan lurus, lumbungan ageng, lumbungan cilik, bunderan angka wolu. Gamelan kangge ngiringi reog wonten bendhe, dhodhog ageng, dhodhog cilik, kecrek, pethunthung.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: peranganing busana, gerak dhasar, gamelan, reog wayang kridha beksa lumaksana
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 02:30
Last Modified: 30 Jan 2019 01:59
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25161

Actions (login required)

View Item View Item