PIWULANG KEPEMIMPINAN WONTEN ING GINEM PAGELARAN RINGGIT PURWA LAMPAHAN ABIMANYU RANJAP DENING KI HADI SUGITO

Arviani, Anis (2013) PIWULANG KEPEMIMPINAN WONTEN ING GINEM PAGELARAN RINGGIT PURWA LAMPAHAN ABIMANYU RANJAP DENING KI HADI SUGITO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Anis Arviani 09205241040.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken piwulang kepemimpinan ingkang kaandhut wonten ing ginem pagelaran ringgit purwa lampahan Abimanyu Ranjap dening Ki Hadi Sugito kanthi ngginakaken teori analisis konten sastra. Sumber dhata wonten ing panaliten menika inggih menika naskah teks ginem pagelaran ringgit purwa lampahan Abimanyu Ranjap dening Ki Hadi Sugito asil transkripsi saking rekaman kaset pita. Data dipunkempalaken kanthi cara nyemak saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika kertu analisis data. Panaliti anggenipun nganalisis ngginakaken tabel analisis data. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis kanthi teknik analisis deskripitif. Caranipun ngesahaken data ing panaliten menika kanthi validitas semantis lan reliabilitas intrarater inggih menika maos saha nliti subjek panaliten makapingkaping dumugi pikantuk data ingkang konsisten, saha reliabilitas interrater, inggih menika ngrembag asiling panaliten menika kaliyan dosen saha kanca ingkang kagungan seserepan bab sastra ringgit. Asiling panaliten nedahaken bilih wonten ing transkripsi ginem pagelaran ringgit purwa lampahan Abimanyu Ranjap dening Ki Hadi Sugito ngandhut piwulang kepemimpinan ingkang kaperang dados 7 indikator : (1) emut dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, kaperang dados 5: nyebat asmanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, nenuwun dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, gadhah raos sukur dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, pitados kaliyan garising Gusti Ingkang Maha Kuwaos, saha manembah dhateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, (2) wicaksana, kaperang dados 5: gadhah raos tanggel jawab, ngemutaken dhateng tiyang sanes, tanggap kaliyan kawontenan, paring wewarah, saha saged paring pakurmatan dhateng titihanipun, (3) purun, kaperang dados 2: gaadhah tekad ingkang ageng saha pantang mundur, (4) paring motivasi, kaperang dados 3: paring motivasi supados boten tumindak sakajengipun piyambak, paring motivasi supados tumindak waspada, saha paring motivasi supados semangat, (5) nentremaken, kaperang dados 2: nentremaken penggalih ingkang kuwatos saha nentremaken penggalih ingkang sedhih, (6) sabar, kaperang dados 2: sabar anggenipun nampi pacoben saha nrima, (7) adil, kaperang dados 2: sami anggenipun mbagi saha boten pilih sih.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kepemimpinan, ginem pagelaran ringgit purwa, abimanyu ranjap
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 02:23
Last Modified: 02 Oct 2020 08:33
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25159

Actions (login required)

View Item View Item