UKARA GOTHANGWONTEN ING RUBRIK CERITA CEKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALANJUNI-AGUSTUS TAUN 2012

Fauzi, Rahmad (2013) UKARA GOTHANGWONTEN ING RUBRIK CERITA CEKAK KALAWARTI DJAKA LODANG WEDALANJUNI-AGUSTUS TAUN 2012. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Rahmad Fauzi 09205244031.pdf

Download (8MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken ukara gothang wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan Juni-Agustus taun 2012. Panaliten menika ngandharaken wujud ukara gothang, jinis ukara gothang, lan fungsinipun ukara gothang ingkang wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan Juni-Agustus taun 2012. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data wonten ing panaliten inggih menika kanthi cara maos wongsal-wangsul lan nyathet data wonten ing kartu data. Data dipunanalisis kanthi cara analisis deskriptif inggih menika kanthi cara ngandharaken perkawis ingkang dipunrembag arupi wujud ukara gothang, jinis ukara gothang, lan fungsi ukara gothang ingkang wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang wedalan Juni-Agustus taun 2012. Kangge ngesahaken data wonten ing panaliten menika panaliti ngginakaken validitas data triangulasi teori utawi validitas kangge ngecek derajat kapitadosan asiling panaliten kanthi cara nandhingaken data kaliyan teori-teori ingkang dipunginakaken, supados data asiling panaliten menika ajeg, panaliti migunakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten wujud ukara gothang ingkang wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang menika wonten sekawan inggih menika ukara gothang jejer, ukara gothang wasesa, ukara gothang jejer lan wasesa, lan ukara gothang tanpa fungsi. Jinising ukara gothang ingkang wonten ing rubrik cerkak kalawarti Djaka Lodang menika ukara pakon, ukara pitakon, ukara wangsulan, ukara tambahan, ukara seruan, ukara pangajak. Fungsi ukara gothang ingkang wonten ing ukara gothang jejer, ukara gothang wasesa, lan ukara gothang jejer wasesa inggih menika W, W-W, W-L, W-G, W-K, K-W, W-W-K, W-L-G, K-W-G, KW-W, W-G-W-W, K-W-K-W-W, J, J-K, K, L. Dene wonten ing ukara gothang tanpa fungsi menika boten wonten fungsi ukaranipun.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: ukara gothang, cerkak, djaka lodang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 02:05
Last Modified: 19 Oct 2020 06:11
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25154

Actions (login required)

View Item View Item