KONFLIK PSIKOLOGIS PARAGATAMA WANITA WONTEN SALEBETING CERBUNG ARA-ARA CENGKAR TANPA PINGGIR ANGGITANIPUN ADINDA AS ING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 31 JULI – 20 NOPEMBER 2010

Hidayah, Murniatun (2013) KONFLIK PSIKOLOGIS PARAGATAMA WANITA WONTEN SALEBETING CERBUNG ARA-ARA CENGKAR TANPA PINGGIR ANGGITANIPUN ADINDA AS ING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 31 JULI – 20 NOPEMBER 2010. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Murniatun Hidayah 09205244011.pdf

Download (65MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken konflik psikologis paragatama wanita wonten salebeting cerbung Ara-ara Cengkar Tanpa Pinggir. Panaliten menika ngandharaken wujud konflik psikologis, panyebab konflik psikologis, usaha kangge ngrampungaken konflik psikologis, lan perkembangan kapribaden paraga Yuyun wonten salebeting cerbung Ara-ara Cengkar Tanpa Pinggir. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud wujud konflik psikologis, panyebab konflik psikologis, usaha kangge ngrampungaken konflik psikologis, lan perkembangan kapribaden. Sumber datanipun inggih menika cerbung Ara-ara Cengkar Tanpa Pinggir anggitanipun Adinda AS. Panaliten menika dipuntaliti kanthi pendekatan psikologi sastra. Cara ngempalaken data saking panaliten menika mawi cara maos saha nyerat. Data dipunanalisis mawi cara analisis deskriptif kanthi tindak kategorisasi. Cara kangge ngesahaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken validitas semantik, reliabilitas interrater lan intrarater. Asiling panaliten menika ngandharaken: (1) wujud konflik psikologis, inggih menika was sumelang, duka, bingung, sedhih, kaduwung, meri, cubriya, dhendham, ngapusi ingkang nuwuhaken kemareman; (2) panyebab konflik psikologis inggih menika ngraos nate dipunkhianati dening Heru, kepanggih kaliyan Heru, boten mangertosi tumrap luput ingkang sampun dipuntindakaken, dipunsembranani dening Hary, ngraos boten gadhah katentreman, ngraos dipunasoraken, nampik pitulunganipun Heru, kemutan masa lalunipun,kanyatan ingkang boten jumbuh kaliyan pangajeng-ajeng, nate nglampahaken dosa kaliyan Heru; (3) usaha kangge ngrampungaken konflik psikologis inggih menika represi, rasionalisasi, pengalihan, regresi, fantasi, apatis, sublimasi, proyeksi, reaksi formasi, agresi, lan stereotype; (4) perkembangan kapribadenipun inggih menika superego menuntun Yuyun kangge ngrenungaken sedaya ingkang sampun dipunlampahaken sahengga piyambakipun manggihi jati dirinipun minangka wanita ingkang diwasa.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: konflik psikologis, cerbung ara-ara cengkar tanpa pinggir, djaka lodang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 01:58
Last Modified: 30 Jan 2019 01:58
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25152

Actions (login required)

View Item View Item