SETTING SAHA PARAGA SUPERNATURAL ING RUBRIK JAGADING LELEMBUT KALAWARTI DJAKA LODANG

Prayogo, Joko (2013) SETTING SAHA PARAGA SUPERNATURAL ING RUBRIK JAGADING LELEMBUT KALAWARTI DJAKA LODANG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Joko Prayogo 09205244083.pdf

Download (782kB) | Preview

Abstract

Jagading lelembat menika donyanipun para lelembat, inggih menika kawontenanipun alam supernatural. Sinaosa alamipun beda, nanging lelembat punika dados perangan pagesangan tiyang Jawi. Cariyos ingkang makaten punika kaewrat ing kalawarti Djaka Lodhang ing rubrik Jagading Lelembut. Saking cariyos wedalan No.30 7/1/2012 dumugi wedalan No.5 30/6/2012 sedayanipun ngrembag pangganggunipun lelembat dhateng manungsa. Cara ngempalaken data kanthi maos sastra Jagading Lelembut pinangka refleksi masarakat. Ing kalodhangan punika mligi namung migatosaken paraga saha setting. Data ingkang kapendhet arupi tetembungan, frasa, ukara, saha wacana ingkang gegayutan kaliyan setting supernatural saha citraning paraga supernatural. Salajengipun data kasebat dipunrembag kanthi ngayutaken dhateng masarakatipun saking buku saha katrangan-katrangan ingkang sinerat. Data-data ingkang karembag kanthi sosiologi sastra punika namung saperangan kemawon. Caranipun ngesahaken data kanthi uji validitas referensial kaliyan uji reliabilitas arupi reliabilitas intrarater saha reliabilitas interrater. Asiling panalitenipun inggih punika: setting supernatural saha paraga supernatural. Saking data kekalih punika lajeng dipunrembag kaliyan data sekunder, inggih punika saking pamanggihipun pakar-pakar ingkang sinerat ing buku-buku. Wujud wewengkon lelembat inggih menika: ing wit ringin ageng, ing lepen, ing wewangunan ingkang sampun dangu boten dipunenggeni, ing guwa kangge tirakat, ing sela ageng ingkang tebih saking reramen, ing sarean, ing tuk toya ingkang ageng, ing wit-witan ageng, saha ing wewangunan kina. Paraga supernatural inggih menika arupi lelembat saha manungsa. Paraga lelembat punika ngganggu manungsa ingkang sipatipun supernatural. Wondene paraga manungsa ingkang superatural inggih menika paraga Dhukun. Pangganggunipun lelembat tumrap manungsa arupi: swanten-swanten aneh tanpa wonten wujudtipun, wujud manungsa ingkang nggilani, wujud kewan ingkang nyalawadi, ngrasuki badan, damel sakit, saha nggondhol dhateng manungsa. Sinaosa kados suwau, lelembat punika ugi wonten ingkang dipunanggep manpangati tumrap manungsa kadosdene lelembat ingkang dipunsuwuni tulung pados pesugihan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: setting, jagading lelembut, djaka lodang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 01:45
Last Modified: 30 Jan 2019 01:58
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25149

Actions (login required)

View Item View Item