INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO

Harini (2013) INTERFERENSI MORFOLOGIS INGKANG KATINDAKAKEN GURU ING WULANGAN BASA JAWI SMA NEGERI 10 PURWOREJO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Harini 09205241025.PDF

Download (2MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken interferensi morfologis ingkang katindakaken guru ing wulangan Basa Jawi SMA Negeri 10 Purworejo. Perkawis ingkang karembag gayut kaliyan jinising interferensi morfologis saha proses morfologisipun. Panaliten menika minangka panaliten deskriptif. Data panaliten awujud tembung-tembung ingkang ngemu interferensi morfologis. Sumber datanipun inggih menika andharan guru basa Jawi ing wulangan Basa Jawi SMA Negeri 10 Purworejo. Data kapanggihaken kanthi teknik simak bebas libat cakap (SBLC) sarta teknik rekam lan teknik cathet minangka teknik lanjutan. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak dipunbiyantu alat rekam saha kertu data. Validitas ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten menika inggih menika experts judgement. Reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas saha triangulasi teori. Asiling panaliten inggih menika kapanggihaken jinising (1) interferensi unsur pandhapuking tembung, (2) interferensi pola proses morfologis, lan (3) interferensi kombinasi antawisipun unsur pandhapuking tembung kaliyan pola proses morfologis. Interferensi unsur pandhapuking tembung ingkang kapanggihaken inggih menika unsur saking basa Indonesia salebeting basa Jawi, unsur saking basa Jawi Ngoko salebeting basa Jawi Krama, lan unsur basa Jawi Krama salebeting basa Jawi Ngoko. Interferensi unsur pandhapuking tembung menika kaperang dados kalih, inggih menika interferensi unsur bentuk dasar saha unsur afiks. Interferensi unsur pandhapuking tembung kapanggihaken wonten ing pandhapuking tembung andhahan, tembung rangkep, saha tembung camboran. Interferensi pola proses morfologis ingkang kapanggihaken namung saking pola proses morfologis basa Indonesia. Interferensi pola proses morfologis kapanggihaken wonten ing pola pandhapuking tembung andhahan saha tembung rangkep. Interferensi kombinasi ugi kapanggihaken wonten ing pandhapuking tembung andhahan saha tembung rangkep.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: interferensi morfologis, wulangan basa jawi, SMA
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 01:41
Last Modified: 30 Jan 2019 01:58
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25148

Actions (login required)

View Item View Item