KALEPATAN POCAPAN FONEM WONTEN ING SESORAH SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 1 PRAMBANAN

Ningrum, Diyah Kusumaayu Cahya (2013) KALEPATAN POCAPAN FONEM WONTEN ING SESORAH SISWA KELAS VIII SMP NEGERI 1 PRAMBANAN. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Diyah Kusumaayu Cahya Ningrum 09205244085.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge nggambaraken kalepatan pocapan fonem siswa kelas VIII SMP 1 Prambanan nalika sesorah. Awit saking menika, subjek panaliten inggih menika siswa kelas VIII SMP 1 Prambanan.Objek panaliten inggih menika wujuding kalepatan fonem saha bab ingkang ndayani lepat pocapan fonem wonten ing sesorah. Panaliten menika fokus wonten ing prekawis lepat pocapan fonem dening siswa kanthi teknik deskriptif. Anggenipun ngempalaken data kanthi teknik simak sadap saha nyathet. Data ingkang sampun dipunkempalaken lajeng dipunanalisis kanthi teknik analisis deskriptif. Keabsahan data kanthi reliabilitas intrarater, saha panglimbang para ahli (experts judgement). Asiling panaliten kalepatan pocapan siswa wonten ing sesorah siswa kelas VIII SMP 1 Prambanan inggih menika: (1) kalepatan pocapan fonem vokal, kalepatan pocapan fonem konsonan, tambahing fonem, sudaning fonem, lepat pocapan lan sudaning fonem saha metatesis. (2) Bab ingkang ndayani lepat pocapan wonten ing sesorah siswa kelas VIII SMP Negeri 1 Prambanan inggih menika dipunpanggihaken enem bab ing antawisipun saking aspek linguistik inggih menika asimilasi progresif, asimilasi regresif saha distribusi. Bab ingkang ndayani lepat pocapan saking aspek non- linguistik inggih menika panutur kesesa mocapaken, panutur dereng mangertos cara mocapaken saha panutur kirang setiti nalika mocapaken.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kalepatan pocapan, fonem, sesorah, SMP
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 01:38
Last Modified: 30 Jan 2019 01:58
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25147

Actions (login required)

View Item View Item