DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP

Said, Dewi Pangestu (2013) DAMEL MEDIA PASINAON KAMUS BUKU WUCALAN BASA JAWI KANTHI NGGINAKAKEN APLIKASI ADOBE FLASH PROFESSIONAL CS5 TUMRAP SISWA SMAN 1 KASIHAN KELAS X SEMESTER JANGKEP. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dewi Pangestu Said 09205241008.pdf

Download (13MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika dipunlampahi kanthi ancas supados saged ngindhakaken panguwaosipun tetembungan basa Jawi siswa kelas X ing SMAN 1 Kasihan ngginakaken media pasinaon kamus buku wucalan basa Jawi elektronik saengga anggenipun sinau basa Jawi saged kalampahan kanthi langkung efektif. Ancas sanesipun inggih menika supados media ingkang dipundamel saged dados panyurung siswa anggenipun sinau basa Jawi. Panaliten menika kalebet panaliten Research and Development (R&D). Panaliten ingkang dipunlampahi inggih menika damel media pasinaon kanthi wujud kamus buku wucalan elektronik kangge siswa kelas X semester jangkep wonten ing SMAN 1 Kasihan. Media pasinaon ingkang sampun dipundamel dipunuji dening dosen ahli media saha dosen ahli materi kanthi cara ngawontenaken validasi supados saged dipuntingali layak utawi mbotenipun media pasinaon menika. Teknik anggenipun ngempalaken data inggih menika ngginakaken angket ingkang sampun dipuncawisaken. Teknik anggenipun nganalisis data wonten ing panaliten menika ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten inggih menika: Sepisan, tahap damel media pasinaon menika kaperang dados gangsal, inggih menika (1) tahap analisis; (2) tahap damel rantaman media pasinaon; (3) tahap mekaraken media pasinaon; (4) tahap validasi; (5) tahap evaluasi. Kaping kalih, pambijinipun kualitas media pasinaon kamus buku wucalan basa Jawi saking validasi ingkang sampun kalampahan inggih menika (1) asil validasi dening ahli media kagolong wonten ing kategori “sae sanget” kanthi persentase 84,4%; (2) asil validasi dening ahli materi kagolong wonten ing kategori “sae sanget” kanthi persentase 84,3%; (3) Pambijinipun guru basa Jawi kagolong wonten ing kategori “sae” kanthi persentase 78,8%; (4) tahap ujicoba siwa kelas X kagolong wonten ing kategori “sarujuk sanget” kanthi persentase 87%. Kaping tiga, 82,8% siswa bijinipun gladhen langkung tinimbang KKM. Saking biji ingkang kados makaten, saged dipundudut bilih media pasinaon kamus buku wucalan basa Jawi ingkang dipunmekaraken layak dipunginakaken kangge sinau siswa kelas X semester jangkep.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: media pasinaon, kamus buku wucalan basa jawi, aplikasi adobe flash professional cs5
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 01:33
Last Modified: 30 Jan 2019 01:58
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25146

Actions (login required)

View Item View Item