MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA

Pinuji, Dewi Hajar (2013) MUJUDAKEN MEDIA MACROMEDIA FLASH KANGGE PASINAON UNGGAH-UNGGUH MERTAMU BASA JAWI SISWA KELAS X SMA/SMK/MA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dewi Hajar Pinuji 09205244038.pdf

Download (11MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten inggih menika ngandharaken tahap damel media pasinaon unggah-ungguh mertamu kanthi aplikasi Macromedia Flash, ngandharaken kualitas media pasinaon unggah-ungguh mertamu saking ahli media saha guru basa Jawi, ngandharaken tanggapan guru lan siswa tumrap panganggenipun media pasinaon unggah-ungguh mertamu kanthi aplikasi Macromedia Flash. Panaliten menika kagolong panaliten pengembangan utawi Research and Development (R&D). Panaliten dipuntindakaken mawi gangsal tahap inggih menika (1) tahap nganalisis; (2) tahap damel desain media; (3) tahap damel media; (4) tahap validasi saha ujicoba media saha; (5) asiling tampilan media. Produk media menika dipunbiji dening dosen ahli media mawi validasi. Cara ngempalaken data dipuntindakaken ngginakaken angket. Cara nganalisis data ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) Wonten ing tahap damel media pasinaon kaperang dados gangsal tahap inggih menika (a) tahap nganalisis; (b) tahap damel desain media; (c) tahap damel media; (d) tahap validasi saha ujicoba media saha; (e) asiling tampilan media. (2) Wonten ing tahap pambijinipun kualitas media pasinaon unggah-ungguh mertamu adhedhasar saking asil pambiji validasi inggih menika(a) asil validasi dening ahli media kagolong kategori “sae” prosentase 79%; (b) pambiji dening guru basa Jawi kagolong kategori “sae sanget” kanthi prosentase 94%; (c) tahap ujicoba siswa kelas X kagolong kategori “sae sanget” kanthi prosentase 84,2%. (3) Ujicoba siswa kelas X kagolong kategori “sae sanget” kanthi prosentase 84,2%. Prosentase ketuntasan siswa anggenipun nggarap gladhen pikantuk 82,1%. Jumbuh kaliyan asil panaliten kasebut bilih media pasinaon unggah-ungguh mertamu pikantuk tanggapan sae sanget saking siswa wonten ing pasinaon unggah-ungguh mertamu.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: media macromedia flash, unggah-ungguh mertamu, basa jawi
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 01:28
Last Modified: 30 Jan 2019 01:58
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25145

Actions (login required)

View Item View Item