PISUHAN WONTEN ING LAWAKAN RABIES

Santoso, Apriyanto Dwi (2013) PISUHAN WONTEN ING LAWAKAN RABIES. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Apriyanto Dwi Santoso 09205241054.pdf

Download (6MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika kangge ngandharaken pisuhan wonten ing lawakan Rabies. Pisuhan menika kaandharaken babagan wujud, referen, saha ancas pisuhan wonten ing lawakan Rabies. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud tembung, frase, saha klausa ingkang awujud pisuhan. Sumber datanipun sekawan kaset CD (compact disc) lawakan Rabies kanthi irah-irahan, Rabies Asu-asunan, Rabies Manuk Korea, Rabies Lawak lan Lagu,lan Goro- Goro Lakon Brotoyuda produksi Parental Advisory. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis sosiolinguistik.Caranipun ngempalaken data inggih menika ngginakaken teknik nyemak saha nyathet. Data ingkang sampun dipunkempalaken dipunanalisis kanthi deskriptif. Kangge manggihaken validitas data inggih menika ngginakaken validitas semantis,saha triangulasi teori wondene anggenipun manggihaken reliabilitas ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten menika ngandharaken wujud, referen saha ancas pisuhan wonten ing lawakan Rabies. Wujuding pisuhan ing lawakan Rabies arupi tembung lingga, tembung andhahan, frase, saha klausa. Jinising tembung pisuhan ing lawakan Rabies inggih menika tembung aran, tembung kahanan saha tembung kriya. Pisuhan awujud tembung lingga aran gadhah referen namaning kewan, padamelan, jinising lelembut, saha jinising dhaharan. Pisuhan awujud tembung lingga kahanan ingkang referen kahanan barang saha kahanan tiyang. Pisuhan awujud tembung andhahan gadhah referen namaning kewan, perangan badan, aktivitas, saha kahanan. Pisuhan awujud frase aran referen namaning kewan lan padamelan. Pisuhan awujud frase kahanan referen kahanan tiyang lan kahanan barang. Pisuhan awujud klausa ingkang gadhah referen padamelan, namaning kewan, aktivitas, lan kahanan tiyang. Ancas pisuhan wonten ing lawakan Rabies inggih menika, kangge ngandharaken raos duka, gumun, jengkel, kuciwa, kuwatos, kangge ngina tiyang sanes, ngregengaken swasana saha ngandharaken raketing sesambetan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: pisuhan, lawakan rabies
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 19 Aug 2015 01:25
Last Modified: 30 Jan 2019 01:58
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25144

Actions (login required)

View Item View Item