PRINSIP KESANTUNAN ING NASKAH KETHOPRAK UDHARE JANGET KINATELON ANGGITANIPUN GONDHOL SUMARGIYONO

Zuhriyah, Nurul ‘Aini Zainatuz (2013) PRINSIP KESANTUNAN ING NASKAH KETHOPRAK UDHARE JANGET KINATELON ANGGITANIPUN GONDHOL SUMARGIYONO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Nurul ‘Aini Zainatuz Zuhriyah 09205244069.pdf

Download (749kB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika njlentrehaken 1) wosipun pirembagan ingkang jumbuh kaliyan prinsip kesantunan; 2) wosipun pirembagan ingkang nyebal saking prinsip kesantunan; saha 3) ukuran kesantunan ingkang dipunginakaken. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud ukara-ukara ingkang dipunlesanaken dening para paraga. Sumber data-nipun inggih menika naskah kethoprak Udhare Janget Kinatelon anggitanipun Gondhol Sumargiyono. Caranipun ngempalaken data inggih menika kanthi teknik maos saha nyerat. Data dipunudhari ngginakaken teknik analisis deskriptif. Caranipun manggihaken validitas data ngginakaken triangulasi teori saha pamanggihipun para ahli, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten inggih menika kapanggihaken pirembagan ingkang jumbuh kaliyan prinsip kesantunan saha pirembagan ingkang nyebal saking prinsip kesantunan. Wwosipun pirembagan ingkang jumbuh kaliyan maksim kawicaksanan inggih menika panutur mbelani mitra tutur, panutur paring pasugatan dhumateng mitra tutur, saha panutur ngaturi mitra tuturipun supados sumene rumiyin. Wosipun pirembagan ingkang jumbuh kaliyan maksim kamirahan inggih menika panutur badhe soroh jiwa raganipun kangge mitra tutur saha panutur nutupi raos sayahipun saking mitra tutur. Wosipun pirembagan ingkang jumbuh kaliyan maksim pangalembana inggih menika panutur andum katresnan kaliyan mitra tutur. Wosipun pirembagan ingkang jumbuh kaliyan maksim andhap asor inggih menika panutur ngakeni lepatipun saha panutur ngawon-awonaken piyambakipun wonten sangajengipun mitra tutur. Wosipun pirembagan ingkang jumbuh kaliyan maksim sarujuk inggih menika panutur nindakaken kersanipun mitra tutur saha panutur ngleresaken pamanggihipun mitra tutur. Wosipun pirembagan ingkang jumbuh kaliyan maksim tepa slira inggih menika panutur ngaturi mitra tuturipun supados boten menggalih sanget-sanget. Wosipun pirembagan ingkang nyebal saking maksim kamirahan inggih menika panutur nyuwun peparing saking mitra tuturipun. Wosipun pirembagan ingkang nyebal saking maksim pangalembana inggih menika panutur nyariosaken awonipun mitra tutur. Wosipun pirembagan ingkang nyebal saking maksim andhap asor inggih menika panutur menika tiyang ingkang kumalungkung. Wosipun pirembagan ingkang nyebal saking maksim sarujuk inggih menika panutur nyelani pangandikanipun mitra tutur saha panutur paring panyaruwe dhumateng mitra tutur. Wosipun pirembagan ingkang nyebal saking maksim tepa slira inggih menika panutur nyepelekaken kawontenanipun mitra tutur. Ukuran kesantunan ingkang dipunginakaken inggih menika ukuran tuna-begja, ukuran langsung-boten langsung, saha ukuran keotoritasan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: prinsip kesantunan, naskah kethoprak udhare janget kinatelon
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 18 Aug 2015 11:47
Last Modified: 30 Jan 2019 01:58
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25127

Actions (login required)

View Item View Item