DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra)

Sari, Lupita Ariantika (2013) DERDAHING BATOS PARAGA UTAMA NOVEL WISANING AGESANG ANGGITANIPUN SOERADI WIRJAHARSANA (Kajian Psikologi Sastra). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Lupita Ariantika Sari 09205241014.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud derdahing batos ingkang dipunlampahi paraga utama, faktor ingkang njalari derdahing batos, saha cara anggenipun mungkasi derdahing batos paraga utama novel Wisaning Agesang anggitannipun Soeradi Wirjaharsana kanthi ngginakaken teori kapribadennipun Carl Gustav Jung . Sumber dhata wonten ing panaliten menika inggih menika teks novel Wisaning Agesang ingkang ngrembag bab wujud derdahing batos ingkang dipunlampahi paraga utama, faktor ingkang njalari derdahing batos, saha cara anggenipun mungkasi derdahing batos paraga utama. Dhata dipunkempalaken mawi cara maos saha nyerat. Pirantining panaliten menika inggih menika kertu analisis dhata. Panaliti anggenipun nganalisis ngginakaken kertu analisis dhata. Dhata ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis mawi teknik analisis deskripitif. Caranipun ngesahaken dhata ing panaliten menika mawi validitas semantis lan reliabilitas intra-rater inggih menika maos saha nliti subjek panaliten kanthi wongsal-wangsul dumugi angsal dhata ingkang konsisten, sarta reliabilitas interrater, inggih menika ngrembag asiling panaliten menika kaliyan dosen saha kanca ingkang kagungan seserepan bab psikologi sastra. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) panaliten menika manggihaken wujud derdahing batos, faktor ingkang njalari, saha cara anggenipun mungkasi derdahing batos ingkang dipunlampahi paragatama, (2) penyesuaiannipun utawi arah penyesesuaian paraga utama wonten ing karya sastra novel Wisaning Agesang anggitannipun Soeradi Wirjaharsana, kadadosan penyesuaiannipun kajugar, inggih menika antawisipun pamanggih saha pangraos boten saged imbang. Bab menika ingkang dados perkawis ingkang asring dipuntliti saha dipungarap wonten ing karya sastra kadosta novel Wisaning Agesang, (3) Paraga utama wonten ing novel Wisaning Agesang inggih menika Raden Rara Subiyah pamanggihipun langkung dhateng arah subjektif (dhiri piyambakipun) nalika nglampahi derdah kaliyan Raden Kartaubaya saha Raden Sujaka, saha pamanggihipun dhateng objektifitas nalika kuwatir utawi kuwatosipun dhateng lingkungan (antawisipun kuwatir utawi kuwatos menawi tiyang sepuhipun kecuwan), (4) derdahing batos ingkang dipunlampahi Raden Rara Subiyah saged dipunpungkasi dening piyambakipun, ananging anggenipun mungkasi derdah ing batosipun sipatipun sementara amargi sesampunipun derdah ingkang sampun dipunpungkasi, wonten/muncul derdah ingkang sanesipun. Amargi boten saged ngampah derdah ing batosipun, Raden Rara Subiyah boten kiyat nglampahi wisaning agesang saengga piyambakipun gerah lajeng tilar donya.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: derdahing batos, novel wisaning agesang, psikologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 18 Aug 2015 11:33
Last Modified: 30 Jan 2019 01:57
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25121

Actions (login required)

View Item View Item