KOHESI LEKSIKAL ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA

Fajrin, Hilma Oktaviana (2013) KOHESI LEKSIKAL ING NOVEL LARA LAPANE KAUM REPUBLIK ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Hilma Oktaviana Fajrin 09205241073.pdf

Download (6MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinis kohesi leksikal ingkang dipunginakaken ing novel Lara Lapane Kaum Republik anggitanipun Suparto Brata. Kejawi saking menika ing panaliten menika ugi dipunandharaken fungsi kohesi leksikalipun. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika satuan lingual awujud tembung, frase, saha klausa ingkang ngemu kohesi leksikal. Sumber data ing panaliten inggih menika novel Lara Lapane Kaum Republik anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis deskriptif. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data wonten ing panaliten inggih menika metode maos saha nyerat. Data dipunanalisis ngginakken teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken jinis saha fungsi kohesi leksikal ingkang sampun dipunkempalaken. Kangge ngesahaken data ing panaliten menika ngginakaken vaiditas semantik, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas intrareter saha interrater. Asiling panaliten menika kohesi leksikal ing novel Lara Lapane Kaum Republik gayut kaliyan bab jinis saha fungsi. Jinis menika kaperang dados enem inggih menika repetisi ingkang kaperang dados repetisi wetah saha repetisi saperangan, sinonimi, kolokasi, hiponimi, antonimi, saha ekuivalensi. Wondene fungsinipun inggih menika repetisi wetah kangge nedahaken perkawis ingkang wigatos ing paragraf saha nyethakaken satunggaling perkawis, repetisi saperangan kangge efisiensi tembung; sinonimi kangge ndadosaken variasi ing teks saha nedahaken raos ingkang trep; kolokasi kangge nuntasaken topik saha nedahaken pasangan tembung; hiponimi kangge ngraketaken gegayutan panguwaosing tembung saha petanganipun; antonimi kangge nyethakaken gegayutan makna kosong wangsulipun; saha ekuivalensi kangge nedahaken sesambetan kesepadanan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kohesi leksikal, novel lara lapane kaum republik
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Sastra Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 18 Aug 2015 11:24
Last Modified: 19 Oct 2020 05:59
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25117

Actions (login required)

View Item View Item