NILAI PIWUCAL MORAL ING BUKU DONGENG SATO KEWAN INGKANG KARAKIT DENING IRWAN SUDJONO

Hermanto (2013) NILAI PIWUCAL MORAL ING BUKU DONGENG SATO KEWAN INGKANG KARAKIT DENING IRWAN SUDJONO. S1 thesis, u.

[img]
Preview
Text
Hermanto 09205241016.pdf

Download (23MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud nilai piwucal moral saha cara ngandharaken nilai piwucal moral ing buku Dongeng Sato Kewan ingkang karakit dening Irwan Sudjono. Cara ngandharaken nilai piwucal moral ing panaliten menika karembag kanthi cara langsung saha boten langsung. Cara langsung utawi eksplisit inggih menika pangripta ngandharaken nilai piwucal moral dhumateng pamaos kanthi wujud deskripsi watek paraga, ginem saha pesen kanthi langsung ing cariyos. Cara boten langsung utawi implicit inggih menika pamaos dipunsuwun mendhet dudutan piyambak bab nilai piwucal moral ingkang wonten ing sajroning cariyos. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung, frasa, ukara saha paragraf. Sumber datanipun inggih menika buku Dongeng Sato Kewan ingkang karakit dening Irwan Sudjono. Buku menika bacutipun buku Dongeng Sato Kewan I. Cara kangge manggihaken data inggih menika kanthi teknik maos, nemtokaken unit analisis saha panyeratan data. Data dipunanalisis ngangge cara deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken wujud nilai piwucal moral saha cara ngandharaken nilai piwucal moral ing buku Dongeng Sato Kewan. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken validitas semantis, lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken reliabilitas intrarater saha interater. Ing panaliten menika panaliti manggihaken 80 nilai piwucal moral. Nilai piwucal moral sambetipun manungsa kalihan Gusti ingkang Maha Kuwaos (Pitados dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, Raos syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, Mertobat, Mertapa, Pasrah dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, Setya dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos ), sambetipun manungsa kalihan sesami (Tepa slira, Setya dhumateng sesami, Nyuwun pangapunten, Emut dhumateng kabecikan sesami, Gotong royong, Kawigatosan dhumateng sesame antawisipun empati, raos welas saha tetulung dhumateng sesame, Tanggel jawab, Boten jsil dhumateng sesami, Boten mentingaken kapentingan diri pribadi, Katresnan, Rukun ), sambetipun manungsa kalihan lingkungan alam (ndamel endahing lingkungan, njagi lingkungan), sambetipun manungsa kalihan diri pribadi (Ngakeni tumindakipun lepat, nilaraken tumindak ingkang boten sae, Waspada/ngatos-atos,Boten gampil mutung, Nyambut damel kanthi satuhu, Sabar, Jujur). Ing panaliten menika, cara ngandharaken nilai piwucal moral kanthi cara langsung wonten 61 saha kanthi cara boten langsung wonten 19.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: nilai piwucal moral, dongeng sato kewan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 18 Aug 2015 11:21
Last Modified: 30 Jan 2019 01:57
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25115

Actions (login required)

View Item View Item