LELEWANING BASA PANYANDRA SALEBETING UPACARA PANGGIH GAGRAG SURAKARTA

Rudianto, Dika (2013) LELEWANING BASA PANYANDRA SALEBETING UPACARA PANGGIH GAGRAG SURAKARTA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dika Rudianto 09205244026.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken jinis lelewaning basa saha tegesipun tembung-tembung basa arkhais salebeting panyandra upacara panggih gagrag Surakarta. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif verifikasi. Subjek panalitenipun awujud rekaman panyandra penganten salebeting upacara panggih gagrag Surakarta, dhaupipun Catia Angli Curie, ST.,M.Sc kaliyan Agus Tri Raharjo, ST (data primer), saha dipunjumbuhaken kaliyan buku Pawiwahan dan Pahargyan anggitanipun Suwarna Pringgawidagda (data sekunder) saprelu kangge nyocogaken data. Panaliten menika mligi babagan jinis lelewaning basa sarta tegesing tembung-tembung basa arkhais. Lajeng cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara nyemak, maos, saha cathet. Data ingkang awujud lelewaning basa dipungarap kanthi cara analisis deskriptif, dene data tembung-tembung basa arkhais dipuntegesi mawi cara analisis semantik leksikal. Ngesahaken data wonten ing panaliten menika migunakaken validitas semantis saha expert judgement, supados data asiling panaliten menika ajeg, panaliti migunakaken reliabilitas intra-rater. Asilipun panaliten menika nedahaken bilih: (1) basa panyandra upacara panggih gagrag Surakarta ngemot sekawan likur jinis lelewaning basa, ingkang dipunpantha dados sekawan kelompok ageng, inggih menika (a) lelewaning basa perbandingan: personifikasi, metafora, antitesis, pleonasme utawi tautologi, perifrasis, prolepsis utawi antisipasi, saha simile; (b) lelewaning basa pertentangan: hiperbola, litotes, klimaks, antiklimaks, saha anastrof utawi inverse; (c) lelewaning basa pertautan: metonimia, sinekdoke, alusi, epitet, erotesis utawi pitakenan retoris, paralelisme, ellipsis, saha asindeton; saha (d) lelewaning basa perulangan: aliterasi, asonansi, repetisi, saha anafora, (2) basa arkhais salebeting panyandra upacara panggih gagrag Surakarta ngemot basa Sansekerta, Kawi, miwah tembung-tembung Jawi enggal mawi wuwuhan Kawi kadosta ater-ater /ha-/, /ka-/, seselan /-um-/, /-in-/ sarta panambang /-ira/. Pambiwara pratitis sanget anggenipun ngecakaken tetembungan saha tata basanipun, saengga ndayani tuturan panyandra katingal langkung endah, saged narik kawigatosan, miwah tebih saking raos bosen tumraping tiyang ingkang mirengaken.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: basa panyandra, upacara panggih, gagrag surakarta
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 18 Aug 2015 11:00
Last Modified: 30 Jan 2019 01:57
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25107

Actions (login required)

View Item View Item