TETANDHINGAN STRUKTURAL WONTEN ING SERAT PRANATJITRA RARA MENDUT (ANONIM) KALIYAN NOVEL KATRESNAN DONJA AKERAT ANGGITANIPUN K M

Puspitasari, Dian Anggraini (2013) TETANDHINGAN STRUKTURAL WONTEN ING SERAT PRANATJITRA RARA MENDUT (ANONIM) KALIYAN NOVEL KATRESNAN DONJA AKERAT ANGGITANIPUN K M. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Dian Anggraini Puspitasari 09205241035.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika ancasipun ngandharaken tetandhingan struktural mliginipun tema saha fakta cariyos wonten ing Serat Pranatjitra Rara Mendut (Anonim) kaliyan novel Katresnan Donja Akerat anggitanipun K M Sastrasoemarta. Wujud panaliten menika dipunrembag kanthi madosi unsur intrinsik ingkang sami saha beda antawisipun kalih karya sastra menika. Cara panaliten inggih menika ngginakaken sastra tetandhingan. Subjek panaliten inggih menika Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat kanthi nginakaken cara panaliten sastra tetandhingan. Data dipunkempalaken mawi cara maos saha nyerat. Instrumen wonten ing panaliten inggih menika kertu data. Data ingkang sampun dipunpanggihaken lajeng dipunanalisis mawi cara etik. Caranipun ngesahaken data wonten panaliten menika mawi validitas semantis saha reliabilitas ketekunan pengamatan saha panyeratan. Asiling panaliten nedahaken: (1) wonten tema ingkang sami saha beda antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat saminipun inggih menika lestarining katresnan, bedanipun inggih menika perkawis saha pepalang tumrap katresnanipun paraga utami. Tema tambahan antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat inggih menika pangudinipun paraga utami (2) alur ingkang sami antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat inggih menika alur majeng, bedanipun inggih menika perkawis wonten ing urutan aluripun (3) panggaraping paraga ingkang sami antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat ngengingi saperangan watakipun paraga utami saha paraga tambahan sarta nasibipun paraga utami, bedanipun ngengingi nama sarta saperangan watakipun paraga utami saha paraga tambahan (4) latar ingkang sami antawisipun Serat Pranatjitra Rara Mendut kaliyan novel Katresnan Donja Akerat inggih menika latar swasana, bedanipun inggih menika andharan ngengingi swasana kadadosan saderengipun paraga utami gesang sesarengan, swasana kadadosanipun nalika paraga utami gesang sesarengan, saha swasana pejahipun paraga utami.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tetandhingan struktural, serat pranatjitra rara mendut, novel katresnan donja akerat
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 18 Aug 2015 10:54
Last Modified: 30 Jan 2019 01:57
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25104

Actions (login required)

View Item View Item