TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa)

Fajariana, Anggun (2013) TEMBUNG KAHANAN BASA JAWI KINA WONTEN ING BASA JAWI ENGGAL (Adhedhasar Kamus Jawa Kuna-Indonesia kaliyan Baoesastra Djawa). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Anggun Fajariana 09205241036.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken pangrembakaning tembung kahanan basa Jawi Kina adhedhasar kamus Jawa Kuna-Indonesia ing basa Jawi Enggal adhedhasar Baoesastra Djawa. Panaliten menika ngrembag babagan wujud saha teges tembung kahanan. Jinising panaliten inggih menika panaliten deskriptif. Data ing panaliten menika awujud tembung kahanan basa Jawi Kina kaliyan tembung kahanan basa Jawi Enggal. Sumbering data inggih menika tembung kahanan basa Jawi Kina saking kamus Jawa Kuna-Indonesia anggitanipun L. Mardiwarsito kaliyan tembung kahanan basa Jawi Enggal saking Baoesastra Djawa anggitanipun W.J.S. Poerwadarminta. Caranipun ngempalaken data ngangge teknik baca-catat. Data dipunanalisis ngangge teknik deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken ewah-ewahaning tembung-tembung kahanan ingkang sampun dipunkempalaken. Validitas ingkang dipunginakaken inggih menika validitas triangulasi teori. Reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas stabilitas. Asiling panaliten ngandharaken pangrembakaning tembung-tembung kahanan basa Jawi Kina ing basa Jawi Enggal gayut kaliyan babagan wujud saha teges. Pangrembakaning basa kasebut kapanggihaken ewah-ewahan tembung kahanan menika wonten tigang kategori. Kategori ingkang angka setunggal inggih menika tembung kahanan basa Jawi Kina ing basa Jawi Enggal ingkang wujud saha teges sami. Kategori ingkang angka kalih inggih menika tembung kahanan basa Jawi Kina ing basa Jawi Enggal ingkang wujudipun sami ananging tegesipun beda. Lajeng kategori ingkang pungkasan inggih menika tembung kahanan basa Jawi Kina ing basa Jawi Enggal ingkang wujudipun beda ananging tegesipun sami. Ewahing teges gegayutan kaliyan wontenipun ewah-ewahan jinis tembung. Ewahewahaning wujud wonten ing ewahing aksara, icalipun aksara, tambahing aksara saha tambahing wanda. Ewahing wujud ugi wonten ingkang merger kaliyan split parsial utawi parsial merger. Ewahing wujud tembung ing basa Jawi Kina wonten ing basa Jawi Enggal ingkang merger inggih menika: (1) aksara ā, ӑ, ȃ saha e merger dados aksara a, (2) aksara ī saha ῐ merger dados aksara i, (3) aksara o, ū, saha ǔ merger dados aksara oe, (4) aksara ḍ saha dh merger dados aksara d, (5) aksara d saha dh merger dados aksara ḍ, (6) aksara ṇ saha ñ merger dados aksara n, (7) aksara ṣ saha ś merger dados aksara s, (8) aksara th saha ṭh merger dados aksara t. Ewahing wujud tembung ing basa Jawi Kina wonten ing basa Jawi Enggal ingkang parsial merger utawi spilt parsial inggih menika aksara ḍ kaliyan aksara dh merger dados aksara d, ananging aksara dh kajawi saking aksara dados dugi wonten ingkang dados aksara ḍ ing basa Jawi Enggal.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tembung kahanan, basa jawi kina, baoesastra djawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 18 Aug 2015 10:40
Last Modified: 19 Oct 2020 05:57
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25096

Actions (login required)

View Item View Item