PANANDHA KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN ING NOVEL ANTEPING WANITA ANGGITANIPUN ANY ASMARA

Wijaya, Yossep (2013) PANANDHA KOHESI GRAMATIKAL SAHA LEKSIKAL WONTEN ING NOVEL ANTEPING WANITA ANGGITANIPUN ANY ASMARA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Yossep Wijaya 09205241048.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken wujud panandha kohesi wonten ing novel Anteping Wanita anggitanipun Any Asmara. Panaliten menika ngandharaken (1) jinis saha panandha kohesi gramatikal wonten ing novel Anteping Wanita anggitanipun Any Asmara; saha (2) jinis saha panandha kohesi leksikal wonten ing novel Anteping Wanita anggitanipun Any Asmara. Panaliten menika kalebet jinis panaliten deskriptif. Data wonten ing panaliten menika awujud jinis saha panandha kohesi gramatikal sarta jinis saha panandha kohesi leksikal. Sumber datanipun inggih menika novel Anteping Wanita anggitanipun Any Asmara. Panaliten menika dipuntliti kanthi analisis wacana. Caranipun ngempalaken data inggih menika ngginakaken teknik maos saha nyathet. Data ingkang sampun dipunkempalaken dipunanalisis kanthi deskriptif inggih menika panaliti ngandharaken jinis saha panandha kohesi gramatikal sarta jinis saha panandha kohesi leksikal wonten ing novel Anteping Wanita anggitanipun Any Asmara. Kangge manggihaken validitas data inggih menika ngginakaken validitas sematik, wondene anggenipun manggihaken reliabilitas interrater. Asiling panaliten inggih menika jinis saha panandha kohesi wonten ing novel Anteping Wanita anggitanipun Any Asmara. Jinis saha panandha kohesi kaperang dados kalih inggih menika jinis saha panandha kohesi gramatikal saha panandha kohesi leksikal. Jinis saha panandha kohesi gramatikal wonten ing novel Anteping Wanita anggitanipun Any Asmara kaperang dados kohesi gramatikal pengacuan (referensi), penyulihan (substitusi), penghilangan (elipsis), saha perangkaian (konjungsi). Jinis saha panandha kohesi leksikal wonten ing novel Anteping Wanita anggitanipun Any Asmara kaperang dados kohesi leksikal pengulangan (repetisi), sinonim (padan kata), antonim (lawan kata), kolokasi (sanding kata), saha hiponim (hubungan atas-bawah).

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: kohesi gramatikal, leksikal, novel anteping wanita
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 10:52
Last Modified: 30 Jan 2019 01:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/25000

Actions (login required)

View Item View Item