KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ AJARAN MORAL WONTÊN SÊRAT DONGÈNG WARNI-WARNI

Martani, Warih Sri (2013) KAJIAN FILOLOGI SÅHÅ AJARAN MORAL WONTÊN SÊRAT DONGÈNG WARNI-WARNI. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Warih Sri Martani 09205241021.pdf

Download (42MB) | Preview

Abstract

Ancasing panalitèn mênikå kanggé: (1) ngandharakên kawontênaning naskah Sêrat Dongèng Warni-warni, (2) ndamêl transliterasi standar teks Sêrat Dongèng Warni-warni, (3) ndamêl suntingan teks edisi standar teks Sêrat Dongèng Warni-warni. Salajêngipun, (4) ndamêl terjemahan teks Sêrat Dongèng Warni-warni, sartå (5) ngrêmbag ajaran moral wontên teks Sêrat Dongèng Warni-warni. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn filologi såhå metode panalitèn deskriptif. Metode panalitèn filologi dipunginakakên kanggé nggarap naskah Sêrat Dongèng Warni-warni ingkang kasêrat mawi aksårå Jåwå. Metode panalitèn deskriptif dipunginakakên kanggé nggambarakên naskah Sêrat Dongèng Warni-warni kanthi objektif. Sumber data panalitèn mênikå, naskah Sêrat Dongèng Warni-warni koleksi Muséum Sånåbudåyå Ngayogyåkartå. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên langkah kerja panalitèn filologi, inggih mênikå deskripsi naskah, maos teks, transliterasi, suntingan, såhå terjemahan teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas intraratter såhå interratter. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên gangsal bab. Sapisan, kawontênaning naskah Sêrat Dongèng Warni-warni taksih saé, såhå sêratanipun taksih sagêd kawaos. Kaping kalih, transliterasi naskah Sêrat Dongèng Warniwarni dipungarap kanthi ngéwahi sêratan aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin adhêdhasar éjaan ingkang limrah. Katigå, suntingan teks ngginakakên metode suntingan teks edisi naskah tunggal, wondéné sadåyå éwah-éwahan ing suntingan teks kaandharakên ing aparat kritik. Sêkawan, terjemahan teks dipungarap kanthi nggantos ragam basaning teks, inggih saking båså Jawi ragam Kråmå-ngoko dados båså Jawi ragam Kråmå inggil såhå basaning teks saking båså Jawi dados båså Indonesia ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahan kasêbut dipungarap kanthi kontekstual. Ing terjemahan teks, wontên têmbung-têmbung ingkang wontên cathêthan terjemahan-ipun kanggé nggampilakên nêgêsi têmbung-têmbung ingkang angèl dipun-terjemah-akên kanthi kasêrat alternatif pemahanan-ipun. Gangsal, asiling ngrêmbag isining teks Sêrat Dongèng Warni-warni kapanggihakên tigang jinising gayutan ajaran moral, inggih ajaran moral antawisipun manungså dhumatêng Gusti, ajaran moral antawisipun manungså dhatêng sêsamining dumados, såhå ajaran moral antawisipun manungså dhatêng piyambakipun.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: filologi, ajaran moral, serat dongeng warna-warni
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 10:49
Last Modified: 30 Jan 2019 01:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24997

Actions (login required)

View Item View Item