UPACARA TRADHISI SURAN WONTEN ING PETILASAN GUNUNG LANANG DHUSUN BAYEMAN DESA SINDUTAN KECAMATAN TEMON KABUPATEN KULON PROGO

Noto, Titis Bayu (2013) UPACARA TRADHISI SURAN WONTEN ING PETILASAN GUNUNG LANANG DHUSUN BAYEMAN DESA SINDUTAN KECAMATAN TEMON KABUPATEN KULON PROGO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Titis Bayu Noto 09205244032.pdf

Download (15MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken asal-usul wontenipun upacara Tradhisi Suran, prosesi lampahing upacara Suran, makna simbolik sesaji ing salebeting upacara Suran sarta paedahipun upacara Suran tumprap warga panyengkuyung. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data ing salebeting panaliten menika migunakaken observasi partisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang kabiyantu mawi piranti perekam, kamera foto saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ingkang dipunginakaken inggih menika teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data lumantar triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten menika nedahaken bilih: (1) Asal-usul Petilasan Gunung Lanang lan Sumur Kencana mujudaken papan kangge mesanggrah para prajuritipun Sultan Agung Hanyakrakusuma ing salebeting lampah tumuju dhateng Batavia nalika badhe nyerang penjajah Walandi, ugi dipuncariyosaken minangka papan kangge mesanggrah Pangeran Dipanegara saprajuritipun nalika perang gerilya. (2) Prosesi lampahing upacara Suran kaperang dados 2 tahap : (a) cecawis upacara ingkang awujud rapat panitia Suran, cecawis papan upacara Suran, cecawis pagelaran Ringgit Purwa saha cecawis sesaji upacara Suran. (b) lampahing upacara Suran awujud pagelaran ringgit purwa, Ruwatan kanthi lampah siraman lan pangkas rikma, Manengku puja utawi pinuwunan ing Petilasan Gunung Lanang saha Labuhan Sesaji ing Pesisir Congot. (3) Makna simbolik sesaji ingkang dipunginakaken ing salebeting upacara Suran menika kangge mahyakaken raos sukur kita dhateng ngersaning Gusti awit gumantosipun warsa enggal 1 Sura supados para warga masarakat panyengkuyung tansah pinaringan kawilujengan, katentreman, kabagaswarasan sarta pinaringan gampil anggenipun ngupadi rejeki ing sajroning lampah pagesanganipun. (4) Paedahipun upacara Suran tumpraping warga panyengkuyung inggih menika (a) paedah spiritual, (b) paedah sosial, (c) paedah ekonomi saha (d) paedah pelestari tradhisi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tradhisi suran, petilasan gunung lanang, dhusun bayeman
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 10:42
Last Modified: 30 Jan 2019 01:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24992

Actions (login required)

View Item View Item