KAJIAN FILOLOGI SÊRAT KIDUNGAN (TÊTANDHINGAN, SUNTINGAN, SÅHÅ TERJEMAHAN TEKS)

Supardyan (2013) KAJIAN FILOLOGI SÊRAT KIDUNGAN (TÊTANDHINGAN, SUNTINGAN, SÅHÅ TERJEMAHAN TEKS). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Supardyan 09205244049.pdf

Download (26MB) | Preview

Abstract

Ancasipun panalitèn mênikå kanggé: (1) ndamêl inventarisasi naskah Sêrat Kidungan, (2) ngandharakên kawontênaning naskah SK-A såhå SK-B, (3) ndamêl transliterasi standar SK-A såhå SK-B, (4) ngandharakên têtandhingan cacahing pådå såhå têtandhingan têmbung SK-A såhå SK-B, (5) ndamêl suntingan teks Sêrat Kidungan kanthi metode landasan, sartå (6) ndamêl terjemahan teks Sêrat Kidungan. Panalitèn mênikå ngginakakên metode panalitèn deskriptif såhå metode panalitèn filologi. Metode panalitèn deskriptif dipun-ginakakên kanggé nggambarakên naskah SK-A såhå SK-B kanthi objektif. Metode panalitèn filologi dipun-ginakakên kanggé nggarap naskah SK-A såhå SK-B ingkang kasêrat mawi aksårå Jåwå. Sumber data panalitèn mênikå, naskah SK-A såhå SK-B koleksi Muséum Sånåbudåyå Yogyakarta. Teknik ngêmpalakên data ing panalitèn mênikå ngginakakên langkah kerja panalitèn filologi, inggih mênikå inventarisasi naskah, kawontênaning naskah, transliterasi, têtandhingan, suntingan, såhå terjemahan teks. Analisis data ngginakakên teknik analisis deskriptif. Validitas ingkang dipun-ginakakên, inggih mênikå validitas semantik. Reliabilitas ingkang dipunginakakên, inggih mênikå reliabilitas intraretter såhå interratter. Asiling panalitèn mênikå ngandharakên ênêm bab. Sapisan, kapanggihakên 24 eksemplar naskah, inggih mênikå 19 naskah kasêrat mawi aksårå Jåwå, 2 naskah kasêrat cithak, såhå 3 naskah kasêrat Latin. Kaping kalih, kawontênan naskah SK-A såhå SK-B taksih saé, såhå sêratanipun taksih sagêd kawaos. Katigå, transliterasi naskah SK-A såhå SK-B dipun-garap kanthi ngéwahi sêratan aksårå Jåwå dhatêng aksårå Latin adhêdhasar éjaan ingkang limrah. Sakawan, têtandhingan teks SK-A såhå SK-B, ing antawisipun (1) têtandhingan kathahing pådå SK-A såhå SK-B, bédanipun gunggunging pådå SK-A såhå SKB wontên 26 pådå, (2) têtandhingan aksårå ingkang kasêrat bédå nanging botên ngéwahi têgêsipun kapanggihakên 185 aksårå, (3) têtandhingan bêdaning têmbung ingkang béda têgêsipun kapanggihakên 133 têmbung, (4) têtandhingan bédaning guru wilangan wontên pådå-pådå tartamtu kapanggihakên 69. Gangsal, suntingan teks ngginakakên metode suntingan landasan, wondéné sadåyå éwahéwahan ing suntingan teks kaandharakên ing aparat kritik. Ênêm, terjemahan teks dipun-garap kanthi ngginakakên metode terjemahan harfiah, terjemahan isi, såhå terjemahan bebas. Sadåyå metode terjemahan kasêbut dipun-garap kanthi kontekstual. Ing terjemahan teks, wontên têmbung-têmbung ingkang wontên cathêthan terjemahan-ipun kanggé nggampilakên nêgêsi têmbung-têmbung ingkang angèl dipun-terjemah-akên kanthi kasêrat alternatif pemahaman-ipun.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: filologi, serat kidungan
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 10:39
Last Modified: 30 Jan 2019 01:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24989

Actions (login required)

View Item View Item