PURWAKANTHI SAHA PARIKAN WONTEN ING CAKEPAN CAMPURSARI ALBUM “PENDOPO CAMPURSARI 2 KABUPATEN KARANGANYAR ”

Wiryanto, Sapdo Haris (2013) PURWAKANTHI SAHA PARIKAN WONTEN ING CAKEPAN CAMPURSARI ALBUM “PENDOPO CAMPURSARI 2 KABUPATEN KARANGANYAR ”. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Sapdo Haris Wiryanto 09205241029.pdf

Download (12MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken struktur purwakanthi saha parikan wonten ing cakepan campursari album “Pendopo Campursari 2 Kabupaten Karanganyar”, gegayutanipun gatra sampiran kaliyan gatra wos saking saben parikan wonten ing cakepan campursari album “Pendopo Campursari 2 Kabupaten Karanganyar”, saha makna saha paedah saking saben purwakanthi saha parikan ingkang wonten ing album “Pendopo Campursari 2 Kabupaten Karanganyar”. Struktur purwakanthi saha parikan ing panalliten menika karembag kanthi cara madosi gegayutanipun guru lagu antawisipun tembung ing saben purwakanthi saha gunggungipun gatra saben wanda parikan. Makna saha paedah dipunpadosi kanthi cara ngginakaken cara panaliten strukturalisme semiotik. Data saking panaliten menika wujudipun jinisipun saha makna purwakanthi saha parikan ingkang sampun kaserat wonten ing kertu data. Data panaliten dipunkempalaken ngginakaken metode simak catat. Pirantining panaliten wonten ing panaliten menika ngginakaken kertu data. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis mawi teknik analisis deskrpitif. Caranipun ngesahaken dhata ing panaliten menika mawi validitas semantis saha reliabilitas intra-rater. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) struktur purwakanthi saha parikan ingkang kaandharaken miturut jinis kaliyan panandhaning purwakanthi saha jinis, panandhaning parikan sarta gegayutanipun antawisipun gatra ing saben parikan. (2) makna saking purwakanthi saha parikan dipunperang miturut makna ingkang nggambaraken kawontenan, makna ingkang ngandharaken pangraosipun manah, makna ingkang ngemot pitutur, saha makna ingkang ngemot printah. (3) Paedah saking purwakanthi inggih menika nggayutaken tetembungan saha ngyitakaen tetembungan sanesipun, nuwuhaken panemu bab makna, nuwuhaken nilai etis. Paedah parikan kaperang miturut nggayutaken gatra sampiran kaliyan gatra wos supados saged ngandharaken gegambaraning raos seneng, nggayutaken gatra sampiran kaliyan gatra wos supados saged ngandharaken kawontenan panggenan, nggayutaken gatra sampiran kaliyan gatra wos supados saged ngandharaken raos manahipun paraga, nggayutaken gatra sampiran kaliyan gatra wos supados saged ngandharaken pitutur saking paraga,saha nggayutaken gatra sampiran kaliyan gatra wos supados saged ngandharaken wekdal.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: purwakanthi, parikan, cakepan campursari, pendopo campursari 2
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 10:31
Last Modified: 30 Jan 2019 01:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24986

Actions (login required)

View Item View Item