NASIONALISME WONTEN ING NOVEL RANTE MASANGGITANIPUN ANY ASMARA (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA)

Indryastuti, Riyani Tri (2013) NASIONALISME WONTEN ING NOVEL RANTE MASANGGITANIPUN ANY ASMARA (KAJIAN SOSIOLOGI SASTRA). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Riyani Tri Indryastuti 09205241064.pdf

Download (44MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken raos nasionalisme wonten ing novel Rante Mas anggitanipun Any Asmara. Panaliten menika ngandharaken wujuding raos nasionalisme ingkang kagambaraken saking paraga, latar saha amanat ingkang wonten ing novel Rante Mas, kanthi pendekatan Sosiologi Sastra. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif. Subjek data panaliten inggih menika novel Rante Mas. Objek panaliten inggih menika babagan nasionalisme gayutanipun kaliyan paraga, latar saha amanat. Caranipun ngempalaken data ngginakaken teknik maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak ingkang ngginakaken katru data. Caranipun analisis mawi teknik deskriptif-interpretatif. Validitas ingkang dipunginakaken inggih validitas semantik, wondene reliabilitas ingkang dipunginaken inggih menika reliabilitas intrarater. Asiling panaliten menika ngandharaken babagan nasionalisme ingkang kagambar saking paraga, latar saha amanat wonten ing novel Rante Mas. Paragatama saha paraga pandukung nedahaken raos nasionalisme ingkang awujud patriotisme, tumindak sesarengan wonten ing perjuangan, strategi perjuangan, raos empati wonten ing perjuangan saha motivasi perjuangan ingkang kagambar wonten ing novel menika. Latar ingkang dipuncariyosaken inggih menika latar ingkang nggambaraken patriotisme, latar ingkang nggambaraken tumindak sesarengan wonten ing perjuangan, latar ingkang nggambaraken strategi perjuangan saha latar ingkang nggambaraken motivasi perjuangan. Paraga saha latar ingkang kagambar wonten ing novel menika saged dipunpundhut amanatipun ingkang mujudaken raos nasionalisme dhateng nagari. Asiling panaliten menika manggihaken bilih nasionalisme menika kalebet wosing karya sastra ingkang nggambaraken pagesangan sosial priyantun wonten salebeting nagari.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: nasionalisme, novel rante mas, sosiologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 10:28
Last Modified: 30 Jan 2019 01:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24983

Actions (login required)

View Item View Item