UPACARA BANCAKAN WETON WONTEN ING TRIRENGGO BANTUL

Minanda, Monica Valent (2014) UPACARA BANCAKAN WETON WONTEN ING TRIRENGGO BANTUL. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Monica Valent Minanda 09205241028.pdf

Download (6MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken prosesi lampahing upacara bancakan weton, makna simbolik sajen ing salebeting upacara bancakan weton sarta paedahipun upacara bancakan weton tumrap warga panyengkuyung. Panaliten menika migunakaken metode panaliten kualitatif. Caranipun ngempalaken data migunakaken observasi partisipasi saha wawancara mendalam. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak kanthi ngginakaken kamera foto, perekam saha piranti kangge nyerat. Caranipun nganalisis data ngginakaken teknik analisis induktif. Caranipun ngesahaken data mawi triangulasi sumber lan metode. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) prosesi lampahaning upacara bancakan weton kaperang dados tigang rerangken: (a) cecawis upacara ingkang awujud damel wadhah sajen, cecawis sajen ing salebeting upacara bancakan weton. (b) lampahing upacara bancakan weton awujud masrahaken sajen bancakan weton, maringi sajen ing aruman saha ngedum bancakan. (2) Makna simbolik sajen ingkang dipunginakaken ing salebeting upacara bancakan weton menika kangge mahyakaken raos sukur dhateng ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang sampun ngemong larenipun lan nyuwun kawilujengan saha gampil anggenipun ngupados rejeki ing gesangipun. (3) Paedah upacara bancakan weton tumraping warga panyengkuyung inggih menika (a) paedah religi, (b) paedah sosial, (c) paedah nglestantunaken kabudayan, (d) paedah sarana shodaqoh.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: upacara bancakan, trirenggo
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 10:22
Last Modified: 30 Jan 2019 01:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24978

Actions (login required)

View Item View Item