DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA

Yulaicha, Maya (2014) DAMEL MEDIA PASINAON UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI BERBASIS WEB KANGGE SISWA KELAS XII SLTA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Maya Yulaicha 09205241051.pdf

Download (22MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) caranipun damel media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web kangge siswa kelas XII SLTA, (2) pambijining kualitas materi saking dosen ahli materi saha kualitas media saking dosen ahli media babagan media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web kangge siswa kelas XII SLTA, (3) pamanggih saking guru basa Jawi saha siswa kelas XII SLTA tumrap media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D) inggih menika panaliten kangge ndamel kanthi cara mligi satemah saged ngasilaken satunggaling produk. Produk ingkang dipunasilaken inggih menika media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web kangge siswa kelas XII SLTA kanthi alamat www.basajawaonline.com. Produk media dipundamel sarta dipunvalidasi dosen ahli materi saha dosen ahli media sarta dipunujicoba wonten ing kelas XII IPA 3 SMA N 2 Wonosari, Gunungkidul. Asiling validasi dipunandharaken kanthi deskriptif kangge mangertosi kualitas media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) anggenipun damel media menika wonten tataran ingkang kedah dipunlampahi inggih menika tataran analisis kabetahan, tataran ngrancang produk, tataran damel produk, tataran validasi saha ujicoba kelompok alit ngantos revisi saha ngasilaken produk; (2) asiling validasi kualitas materi dening dosen ahli materi kaperang dados aspek piwulangan saha aspek leresipun isi pikantuk rata-rata 76.5% ingkang kagolong kategori sae, validasi kualitas media saking dosen ahli media kaperang dados aspek tampilan saha aspek pemograman pikantuk rata-rata 82.72% kagolong kategori sae sanget; saha (3) pamanggih saking guru basa Jawi pikantuk rata-rata 94% kagolong kategori sae sanget, sarta pamanggih saking siswa kelas XII tumrap media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web pikantuk rata-rata 79.8% kagolong kategori sarujuk. Siswa ingkang saged nggayuh KKM wonten 68.18%. Wondene ingkang boten saged nggayuh KKM wonten 31.82 %. Kanthi mekaten saged dipunpendhet dudutan bilih media pasinaon unggah-ungguh basa Jawi berbasis web kangge siswa kelas XII SLTA pikantuk pamanggih sae saha layak minangka media pasinaon saha saged nggampilaken siswa anggenipun mangertosi materi unggah-ungguh basa Jawi.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: Web , Unggah-ungguh Basa Jawi, Media Pasinaon
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 10:20
Last Modified: 30 Jan 2019 01:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24976

Actions (login required)

View Item View Item