ANALISIS MORFOSEMANTIK NAMA MAHASISWA ANGKATAN 2009 PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA

Jatmiko, Juang (2013) ANALISIS MORFOSEMANTIK NAMA MAHASISWA ANGKATAN 2009 PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA JAWA UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Juang Jatmiko 09205241030.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas ngandharaken morfosemantik nama tiyang. Panaliten menika ngrembag wujuding tembung, dhasaring paring nama, saha tegesing nama mahasiwa angkatan 2009 Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Negeri Yogyakarta. Panaliten menika ngginakaken jinising panaliten kualitatif ingkang sipatipun deskriptif. Sumbering data pikantuk saking dokumen saha mahasiswa angkatan 2009 Prodi Pendidikan Bahasa Jawa UNY. Ing panaliten menika data awujud tembung minangka nama mahasiswa angkatan 2009 Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa UNY. Caranipun ngempalaken data mawi dokumen, kuesioner, saha wawancara. Caranipun analisis data ngginakaken analisis deskriptif. Asiling panaliten gayut kaliyan wujuding tembung minangka nama mahasiswa kaperang dados tiga inggih menika (1) tembung monomorfemis, (2) tembung polimorfemis, saha (3) tembung monomorfemis saha polimorfemis. Unsur dhasaring paring nama menika wonten wolu unsur inggih menika unsur agami, alam, flora/ fauna, wayang, ghaib, entiti/ pangajab, nomer, saha pepenget. Dhasaring paring nama wonten ingkang kadadosan saking setunggal unsur utawi langkung setunggal unsur. Mahasiswa minangka ingkang gadhah nama wonten ingkang mangertos saha boten mangertos tegesing nama piyambakipun. Mahasiswa ingkang boten mangertos, adhedhasar tiyang sepuhipun dipunsebabaken dening sekawan perkawis inggih menika dipunraos endah, mendhet nama tiyang sanes, nama ingkang dipunparingi tiyang sanes, utawi supados beda kaliyan tiyang sanes.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: analisis morfosemantik, nama mahasiswa, ujian skripsi mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 10:17
Last Modified: 30 Jan 2019 01:54
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24974

Actions (login required)

View Item View Item