KONFLIK SOSIAL WONTEN ING NOVEL SANJA SANGU TREBELA ANGGITANIPUN PENI (Kanthi Pendekatan Sosiologi Sastra)

Wardah, Fania (2013) KONFLIK SOSIAL WONTEN ING NOVEL SANJA SANGU TREBELA ANGGITANIPUN PENI (Kanthi Pendekatan Sosiologi Sastra). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Fania Wardah 09205244015.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken konflik sosial wonten ing novel Sanja Sangu Trebela anggitanipun Peni. Panaliten menika ngandharaken wujud konflik sosial, pawadan ingkang murugaken konflik sosial, saha cara ngrampungaken konflik sosial wonten ing novel Sanja Sangu Trebela kanthi pendekatan Sosiologi Sastra. Panaliten menika kalebet panaliten Deskriptif. Data ing panaliten menika awujud wujud konflik sosial, pawadan ingkang murugaken konflik sosial saha cara ngrampungaken konflik sosial wonten ing novel Sanja Sangu Trebela. Sumber data panaliten inggih menika novel Sanja Sangu Trebela anggitanipun Peni. Cara analisis data inggih menika cara deskriptif. Kangge manggihaken data kanti cara maos saha nyathet. Kangge manggihaken validitas data ngginakaken validitas semantis saha expert judgement. Lajeng kangge manggihaken reliabilitas data ngginakaken cara reliabilitas interrater. Asiling panaliten menika ngandharaken (1) wujud konflik sosial, (2) pawadan ingkang murugaken konflik sosial, saha (3) cara ngrampungaken konflik sosial. Wujud konflik sosial awujud perdebatan, penolakan, padudon, kekerasan fisik saha pengusiran. Lajeng pawadan ingkang murugaken konflik sosial kasebut inggih menika beda drajat, perjodohan, beda pamanggih, penolakan, Andre nglamar Sridanarti, Kasetyanipun Sridanarti, Sridanarti sampun ngandheg, pitnah saha panyuwunipun Sridanarti. Cara ingkang dipunginakaken kangge ngrampungaken konflik sosial inggih menika ngalah, meksa, mendel, nyaguhi panyuwunipun Andre, kesah, jujur, nimbali seksi, saha nyaguhi panyuwunipun Sridanarti. Wujud konflik sosial, pawadan ingkang murugaken konflik sosial saha cara ngrampungaken konflik sosial wonten gayutanipun setunggal kaliyan sanesipun. Asiling panaliten menika manggihaken bilih konflik sosial kalebet wosing karya sastra inggih menika perkawis sosial ingkang kadadosan ing novel Sanja Sangu Trebela. Konflik ndamel lampahing cariyos (plot/alur cerita) saengga saged langkung narik kawigatosan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: konflik sosial, novel sanja sangu trebela, sosiologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 09:59
Last Modified: 30 Jan 2019 01:53
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24959

Actions (login required)

View Item View Item