BASA JAWI SUB DIALEK TEGAL ING WAYANG SANTRI LAMPAHAN LUPIT NGAJI DENING KI ENTHUS SUSMONO

Amin, Akhmad Fatkhul (2013) BASA JAWI SUB DIALEK TEGAL ING WAYANG SANTRI LAMPAHAN LUPIT NGAJI DENING KI ENTHUS SUSMONO. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Akhmad Fatkhul Amin 09205241006.pdf

Download (3MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud mirungganing basa Jawi sub dialek Tegal. Mirungganing basa Jawi sub dialek Tegal saged katingal saking aspek fonologis, morfologis, saha leksikon ingkang dipunginakaken wonten wayang santri lampahan Lupit Ngaji ingkang dipunbabar dening dening dhalang Ki Enthus Susmono. Panaliten menika awujud panaliten deskriptif. Sumber data saking panaliten menika pikantuk saking video rekaman wayang santri lampahan Lupit Ngaji dening Ki Enthus Susmono ingkang penthas wonten dukuh Temukerep, Larangan, Kabupaten Brebes. Cara anggenipun ngempalaken data kanthi ngginakaken cara semak saha catet. Instrumen panaliten menika ngginakaken kertu data. Data ingkang sampun pikantuk lajeng dipunanalisis kanthi analisis deskriptif. Caranipun ngesahaken data ing panaliten menika ngginakaken validitas triangulasi teori saha reliabilitas intrarater. Asiling panaliten menika nedahaken bilih wujud mirungganing basa Jawi sub dialek Tegal ing Wayang Santri Lampahan Lupit Ngaji dening Ki Enthus Susmono saged katingal saking 3 aspek, (1) aspek fonologis basa Jawi sub dialek Tegal saged katingal saking fonem vokal /a/ dipunlafalaken [a], vokal /i/ dipunlafalaken [i], vokal /u/ dipunlafalaken [u], konsonan /k/ dipunlafalaken [k], konsonan /ṭ/ dipunlafalaken [t], konsonan /d/ dipunlafalaken [ḍ], konsonan /g/ dipunlafalaken [g], kaliyan panambahing konsonan /?/, (2) aspek morfologis basa Jawi sub dialek Tegal saged katingal saking pamujuding tembung kanthi konfiks {N-na} saha {di-na}, (3) aspek leksikon basa Jawi sub dialek Tegal saged katingal saking wujuding tembung-tembung lingga kadosta tembung kriya, tembung aran, tembung kaanan, tembung katrangan, tembung sesulih, tembung ancer-ancer, tembung panggandheng, kaliyan tembung penyeru, sarta katingal ugi wonten tembung andhahan, tembung rangkep dwilingga, saha tembung camboran.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: basa jawi sub dialek tegal, wayang santri
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 13 Aug 2015 09:39
Last Modified: 02 Oct 2020 08:16
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24950

Actions (login required)

View Item View Item