KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA

Wahyuni, Tri (2013) KONSEP WANITA UTAMI WONTEN ING SERAT KAOETAMANING KENJA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Titi Wahyuni 09205241072.pdf

Download (9MB) | Preview

Abstract

Perkawis ingkang dipunrembag wonten panaliten inggih menika (1) Kadospundi wujud konsep wanita utami sesambetan antawisipun wanita kaliyan Gusti Ingkang Maha Kuwaos? (2) Kadospundi wujud konsep wanita utami sesambetan antawisipun wanita kaliyan sesaminipun tiyang gesang? (3) Kadospundi wujud konsep wanita utami sesambetan antawisipun wanita kaliyan dhiri pribadinipun? Gegaran teori ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika wanita wonten ing budaya Jawi, wanita utami wonten ing budaya Jawi, nilai pendidikan moral wonten ing karya sastra, serat Kaoetamaning Kenja. Paedah saking panaliten menika wonten paedah praktis saha paedah teoritis. Jinising panaliten wonten ing panaliten menika panaliten deskriptif. Metode ingkang dipunginakaken wonten ing panaliten inggih menika metode deskriptif. Sumber data wonten ing panaliten menika teks Serat Kaoetamaning Kenja. Wondene data ingkang dipuntliti wonten ing panaliten menika, inggih menika konsep wanita utami wonten ing serat Kaoetamaning Kenja ingkang awujud ukara-ukara langsung ingkang dipunandharaken dening panganggit, dialogdialog, saha monolog-monolog saking paraga-paraga wonten ing salebeting teks Serat Kaoetamaning Kenja. Data dipunkempalaken mawi cara maos saha nyerat. Pirantining panaliten wonten ing panaliten menika migunakaken kertu analisis data. Panaliti anggenipun nganalisis data ngginakaken kertu analisis data. Data ingkang sampun kapanggihaken, lajeng dipunanalisis mawi teknik analisis deskriptif. Caranipun ngesahaken data wonten ing panaliten menika mawi validitas semantik saha reliabilitas intraratter saha reliabilitas interratter. Asiling panaliten wonten ing panaliten menika ngrembag wujud konsep wanita utami sesambetan antawisipun wanita kaliyan Gusti Ingkang Maha Kuwaos, konsep wanita utami sesambetan antawisipun wanita kaliyan sesaminipun tiyang gesang, saha konsep wanita utami sesambetan antawisipun wanita kaliyan dhiri pribadinipun.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: konsep wanita utami, serat kaoetamaning kenja
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 12:08
Last Modified: 30 Jan 2019 01:52
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24870

Actions (login required)

View Item View Item