KONFLIK SOSIAL WONTEN ING CERBUNG KIDUNG SUKMA LARASING JIWA ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI KAPACAK WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 4 FEBRUARI - 28 JULI 2012

Lestari, Melin Indah (2013) KONFLIK SOSIAL WONTEN ING CERBUNG KIDUNG SUKMA LARASING JIWA ANGGITANIPUN ARDINI PANGASTUTI KAPACAK WONTEN ING KALAWARTI DJAKA LODANG EDISI 4 FEBRUARI - 28 JULI 2012. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Melin Indah Lestari 09205241019.pdf

Download (1MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika ngandharaken wujud konflik sosial antawisipun paraga, faktor ingkang njalari konflik sosial antawisipun paraga, sikapipun paraga nalika nglampahi konflik sosial, saha caranipun paraga kangge ngrampungaken konflik sosial ing cerbung Kidung Sukma Larasing Jiwa kanthi tinjauan saking teori Sosiologi Sastra. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif kanthi pendekatan sosiologi sastra. Sumber data ing panaliten inggih menika cerbung Kidung Sukma larasing Jiwa anggitanipun Ardini Pangastuti Bn. ingkang kapacak ing kalawarti Djaka Lodang edisi 4 Februari – 28 Juli 2012. Caranipun ngempalaken data ngginakaken teknik analisis maos saha nyerat. Pirantining panaliten inggih menika kertu analisis data. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis mawi teknik analisis analisis deskriptif-interpretatif. Caranipun ngesahaken data ing panaliten menika mawi validitas semantik, wondene reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika intrarater saha interrater. Asiling panaliten menika ngemot sekawan bab inggih menika 1) wujud konflik sosial, 2) faktor ingkang njalari konflik sosial, 3) sikapipun paraga nalika nglampahi konflik sosial, saha 4) caranipun paraga kangge ngrampungaken konflik sosial. Wujud konflik sosial kasebat inggih menika perdebatan, pameksan, pergunjingan, ancaman, saha padudon. Wondene faktor ingkang njalari, inggih menika beda pamanggih, perselingkuhan, kecemburuan, cubriya, salah paham saha balas dendam. Sikapipun paraga nalika nglampahi konflik sosial kasebat, inggih menika kanthi sikap tetep ing pamanggih, mbantah, prihatos, ngemutaken Baskara, blaka, pameksan, narima, misuh ing batin, nolak panyuwunanipun Imel, kapeksa, boten preduli, ngrasani Arum, boten tenang, ngendhani Imel, mangertosi, kuwatos, cubriya, mbelani baskara, boten mangsuli pitakenanipun Imel, boten pasrah kaliyan kawontenan, nangis. Kangge ngrampungaken konflik ingkang kalampahan inggih menika kesah, mendel, paring penjelasan, ngalah, nyaguhi panyuwunanipun Imel, meksa, nyuwun pirsa, nakyinake Imel, dhateng agen travel, mundur saking kantor, rembagan kaliyan Arum, ngendhani, nggertak, nyuwun pangapunten, damel kasepakatan, sarujuk kaliyan usulanipun Baskara, pegat. Saking asiling panaliten kasebat kapanggihaken bilih konflik menika kalebet isi saking karya sastra, inggih menika perkawis sosial ingkang kadadosan ing karya imajiner. Konflik-konflik dipuntuwuhaken ing isinipun karya sastra supados ndadosaken karya sastra kasebat saged narik kawigatosan, amargi konflik saged ngripta alur ing cariyos.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: konflik sosial, cerbung kidung sukma larasing jiwa, djaka lodang
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 12:05
Last Modified: 30 Jan 2019 01:52
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24869

Actions (login required)

View Item View Item