TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG

Puspitasari, Linda (2013) TETANDHINGAN PRAKAWIS INGKANG DIPUNADHEPI PARAGA UTAMA SAHA AMANAT ING NOVEL NALIKA PRAU GONJING KALIYAN NOVEL KERAJUT BENANG IRENG. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Linda Puspitasari 09205241074.pdf

Download (2MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken tetandhingan prakawis ingkang dipunadhepi paraga utama saha amanat wonten ing novel NPG anggitanipun Ardini Pangastuti kaliyan novel KBI anggitanipun Harwimuka. Wujud panaliten dipunrembag kanthi madosi sami saha bedanipun prakawis ingkang dipunadhepi paraga utama, sami saha bedanipun cara ingkang dipunlampahi paraga utama kangge mungkasi prakawis ingkang dipunadhepi kaliyan sami saha bedanipun amanat antawisipun kalih novel menika. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif komparatif kanthi ngginakaken cara panaliten sastra tetandhingan. Cara ngempalaken data kanthi cara maos saha nyerat. Pirantining panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika kertu data. Data ingkang sampun kapanggihaken lajeng dipunanalisis mawi cara etik. Caranipun ngesahaken data wonten panaliten menika mawi validitas semantis saha reliabilitas ketekunan pengamatan saha panyeratan. Asiling panaliten menika nedahaken : (1) wonten saminipun prakawis ingkang dipunadhepi paraga utama ing novel NPG kaliyan KBI inggih menika tindak sedheng, ngandhut, paben kaliyan ibunipun, usaha perkebunan kirang lancar, perkebunan dupurampas saha penculikan. Bedanipun, paraga utama ing novel NPG ngadhepi ugi prakawis paben kaliyan garwanipun, kacingkrangan saha ngrimat lare piyambakan, dene paraga utama ing novel KBI ngadhepi ugi prakawis dipunpeksa ngladosi hawa nepsu keng ibu, mangretos bilih lare kowar, badhe dipunpejahi dening ibunipun, saha ibunipun seda. (2) Cara ingkang sami dipunpendhet paraga utama kangge mungkasi prakawis ingkang dipunadhepi inggih menika purik saking dalemipun, sesidheman, nyuwun pambiyantu, ngadhepi kanthi pasrah, saha ngadhepi kanthi tegas. Bedanipun, paraga utama ing novel NPG mendhet ugi cara musyawarah kaliyan kulawarga, mekaraken usaha saha sami paring pangapura, dene paraga utama ing novel KBI mendhet cara nampik kathi kurmat saha tansah ngemutaken ibunipun, miyak wewadi tiyang sepuh sejatosipun, pados rekadaya kangge mungkasi congkrahing bapak ibunipun, saha ngendelaken kekiyatan. (3) Saminipun amanat antawisipun kedah saged njagi hawa nepsu, ampun tindak sedheng supados gesang bebrayan boten congkrah, dipunbetahaken upaya ageng kangge mungkasi prakawis ing gesang bebrayan, katresnan tiyang sepuh, sedheng tumindak ingkang boten sae menapa mawon sebabipun, wonten ing gesang bebrayan dipunbetahaken sikep jujur, purik dereng tamtu saged mungkasi prakawis bebrayan, njagi tumindak saha ngurmati asma tiyang sepuh, tulung tinulung tanpa pamrih, kasetyaning tresna, tansah konjuk sokur dhumateng Gusti, nggadhahi sikep pasrah saha sabar nalika nampi pacoban, manungsa boten kenging sarakah, tiyang ingkang tumindak boten sae bakal nampi piwales, kathah bandha dereng tamtu njamin kabagyan, kangge mungkasi prakawis ing gesang bebrayan kedah purun ngapura ing ngapuran.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tetandhingan prakawis, paraga utama, novel nalika prau gonjing, novel kerajut benang ireng
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 12:02
Last Modified: 30 Jan 2019 01:52
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24868

Actions (login required)

View Item View Item