KONFLIK PSIKOLOGIS PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA)

Kurniawan, Andri (2013) KONFLIK PSIKOLOGIS PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL KADURAKAN ING KIDUL DRINGU ANGGITANIPUN SUPARTO BRATA (KAJIAN PSIKOLOGI SASTRA). S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Andri Kurniawan 09205244066.pdf

Download (16MB) | Preview

Abstract

Ancasing panaliten menika kangge ngandharaken perwatakan paragatama, konflik psikis ingkang dipunlampahi paragatama saha wataking paragatama wonten salebeting wujud konflik psikis saha struktur kapribaden wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu anggitanipun Suparto Brata. Panaliten menika ngginakaken pendekatan psikologi sastra adhedhasar teori psikoanalisis Sigmund Freud. Panaliten menika kalebet panaliten deskripstif. Data wonten ing panaliten arupi perwatakan paragatama, konflik psikis paragatama saha wataking paragatama wonten salebeting wujud konflik psikis saha struktur kapribaden. Sumber data wonten ing panaliten menika awujud novel Kadurakan ing Kidul Dringu anggitanipun Suparto Brata. Caranipun ngempalaken data inggih menika teknik maos saha nyathet. Supados data ingkang dipunpanggihi valid, kedah ngginakaken validitas inggih menika validitas semantik. Lajeng reliabilitas ingkang dipunginakaken inggih menika reliabilitas intrarater saha interrater. Teknik analisis wonten ing panaliten menika ngginakaken teknik analisis deskriptif. Asiling panaliten awujud perwatakan paragatama, konflik psikis paragatama saha wataking paragatama wonten salebeting wujud konflik psikis saha struktur kapribaden wonten ing novel Kadurakan ing Kidul Dringu anggitanipun Suparto Brata. Perwatakan paragatama (Wimbadi) inggih menika kendel, pinter ethok-ethok, welas asih, gumunan, gampil duka, semangat, gampil nyepelekaken, ngatos-atos, niyat ingkang kenceng, peduli, rumaos duraka, pangerten, remen tetulung saha subasita. Lajeng konflik psikis ingkang dipunlampahi dening paragatama inggih menika duka, boten teganan, ajrih, kaget, boten nginten, gumun, bingung, kuwatos, kuciwa saha trenyuh. Wonten ing panaliten menika dipunandharaken menawi watak saged mangaribawani konflik psikis ingkang dipunlampahi paragatama, struktur kapribaden ugi saged ewah sasampunipun nglampahi konflik psikis. Struktur kapribaden ego ndadosaken paraga Wimbadi dados paraga ingkang menggalih kanthi rasional. Id Wimbadi tumindak adhedhasar naluri dhasar ingkang mangaribawani dhateng psikis Wimbadi. Superego Wimbadi minangka pengontrol dirinipun paraga.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: konflik psikologis, novel kadurakan ing kidul dringu, psikologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 11:35
Last Modified: 30 Jan 2019 01:51
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24858

Actions (login required)

View Item View Item