DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP

Musyarofah, Yen Hestu (2014) DAMEL MEDIA PAMULANGAN TEMBANG MACAPAT KANTHI BASIS WEB NGGINAKAKEN MOODLE TUMRAP SISWA SMP. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Yen Hestu Musyarofah 10205241068.pdf

Download (24MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) caranipun damel media pamulangan tembang macapat kanthi basis web ngginakaken Moodle tumrap siswa SMP, (2) pambijining kualitas media saking dosen ahli materi, dosen ahli media saha guru basa Jawi babagan media pamulangan tembang macapat kanthi basis web ngginakaken Moodle tumrap siswa SMP, (3) pamangih saking guru basa Jawi saha siswa SMP babagan media pamulangan tembang macapat kanthi basis web ngginakaken Moodle. Panaliten menika kalebet jinis panaliten Research and Development (R&D) inggih menika panaliten kangge ngasilaken produk tartamtu saha miji keefektifan produk kasebut. Produk ingkang dipunasilaken inggih menika media pamulangan tembang macapat kanthi basis web ngginakaken Moodle tumrap siswa SMP. Produk media menika dipunvalidasi dening dosen ahli materi, dosen ahli media, saha guru basa Jawi, sarta dipunujicoba wonten ing kelas VII C SMP N 5 Depok. Asiling validasi dipunandharaken kanthi deskriptif kangge mangertosi kualitas media pamulangan tembang macapat kanthi basis web ngginakaken Moodle. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) anggenipun damel media menika kanthi tataran analisis kabetahan, ngrancang media, damel media, validasi saha ujicoba winates ngantos revisi saha ngasilaken produk ingkang pungkasan; (2) pambijining kualitas media adhedhasar validasi kualitas media dening dosen ahli materi pikantuk biji rata-rata 82,78% kagolong kategori “sae sanget”, validasi kualitas media dening dosen ahli media pikantuk biji rata-rata 77,37% kagolong kategori “sae”, pambiji dening guru basa Jawi pikantuk biji rata-rata 90% kagolong kategori “sae sanget”; saha (3) pamanggih saking guru basa Jawi pikantuk biji rata-rata 90% kagolong kategori “sae sanget”, sarta pamanggih saking siswa kelas VII tumrap media pamulangan tembang macapat pikantuk biji rata-rata 83% kagolong kategori “sarujuk sanget”. Siswa ingkang saged nggayuh KKM wonten 76,67%. Wondene ingkang boten saged nggayuh KKM wonten 23,33%. Kanthi mekaten saged dipunpendhet dudutan bilih media pamulangan tembang macapat kanthi basis web ngginakaken Moodle tumrap siswa SMP pikantuk pamanggih sae sanget saha layak minangka media pamulangan ingkang saged nggampilaken siswa anggenipun mangertosi materi tembang macapat. Media menika saged dipunakses mawi www.tembangmacapatsmp.net.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: media pamulangan, tembang macapat, web, moodle
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 11:02
Last Modified: 30 Jan 2019 01:51
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24857

Actions (login required)

View Item View Item