Wijayanti, Wahyu Arum (2014) KONFLIK PSIKIS WANITA JAWA ING NOVEL KENJA ING PALAGAN ANGGITANIPUN SOEDHARMO KD. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Wahyu Arum Wijayanti 09205244022.Pdf Download (3MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas kangge kangge ngandharaken konflik psikologis wanita Jawa wonten ing salebeting novel Kenja Ing Palagan angggitanipun Soedharmo KD. Panaliten menika ngandharaken wujud watak, konflik psikologis, penyebab konflik psikologis, saha kupiya kangge ngadhepi konflik psikologis dening paraga wanita wonten ing novel Kenja Ing Palagan. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Data ingkang wonten ing panaliten menika awujud wujud watak, konflik psikologis, penyebab konflik psikologis, saha kupiya kangge ngadhepi konflik psikologis. Sumber datanipun inggih menika novel Kenja Ing Palagan anggitanipun Soedharmo KD. Panaliten menika dipuntliti kanthi pendekatan psikologi sastra. Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika mawi cara maos lan nyerat. Data panaliten dipunanalisis mawi cara analisis deskriptif kanthi tindak kategorisasi. Cara ngesahaken data wonten ing panaliten menika mawi ngginakaken validitas semantik, reliabilitas interrater saha intraratter. Asiling panaliten menika ngandharaken (1) wujud watak inggih menika sabar, welas asih, kendel, prasaja, ngatos-atos, gampil sedhih, percaya diri, niyat ingkang kenceng, penurut, tegas, peduli, grapyak, jujur, tegel, gampil nyerah, gampil duka, pinter ethok-ethok, aleman, boten sabaran, saha saged dipunpitados; (2) wujud konflik psikologis inggih menika lungkrah, bingung, ajrih, kuwatos, kaget, sedhih, emosi/ duka, kepeksa, kuciwa, nekad, keduwung, dora/ goroh, dhendhem, gugup, eram/ gumun, saha meri; (3) penyebab konflik psikologis antawisipun dipunblakani dening Letnan Suraja ngengingi pangraosipun, wosing layang ingkang nedahaken sedanipun kulawarganipun Astarini, ngraos piyambakan, ngraos kuwatos tumrap Letnan Suraja, kanyatan ingkang boten jumbuh kaliyan pangajeng-ajeng, dipuntampik pamanggihipun dening Letnan Suraja, kedah pados Warta saking kapten Junan, dipundangu dening Wati, dipunajak ningali tontonan rikala jaman perang, dipundangu dening Kapten Junan, tumanggapipun Sersan Parta ingkang adhem, dipuncubriya dening Sersan Parta, dhatengipun Rujita ingkang boten dipunyana, boten sarujuk kaliyan dhawuhipun Letnan Suraja, mireng cariyosipun Kapten Junan, dipunsusul dening Letnan Suraja, dhatengipun Sersan Parta, mireng pamanggihipun Karel, dipunanggep lemah dening Ripin, lsp.; (4) kupiya kangge ngadhepi konflik psikologis inggih menika sublimasi, represi, apatis, rasionalisasi, regresi, pengalihan, proyeksi, reaksi formasi, lan agresi.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | konflik psikis, novel kenja ing palagan |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 12 Aug 2015 10:55 |
Last Modified: | 30 Jan 2019 01:51 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24853 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |