TRADHISI BUKA LUWUR 1 SURA WONTEN ING MAKAM SUNAN KUDUS KABUPATEN KUDUS

Rochmawati, Ummi (2014) TRADHISI BUKA LUWUR 1 SURA WONTEN ING MAKAM SUNAN KUDUS KABUPATEN KUDUS. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Ummi Rochmawati 10205241045.pdf

Download (11MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken (1) asal-usul saking upacara Buka Luwur 1 Sura wonten ing makam Sunan Kudus, kabupaten Kudus, (2) lampahing prosesi upacara Buka Luwur 1 Sura wonten ing makam Sunan Kudus, kabupaten Kudus, (3) Ngandharaken makna simbolikipun sesajen ingkang dipunginakaken wonten ing salebeting Upacara Tradhisi Buka Luwur 1 Sura wonten ing Makam Sunan Kudus, Kabupaten Kudus, (4) Ngandharaken paedahipun Upacara Tradhisi Buka Luwur 1 Sura wonten ing Makam Sunan Kudus, kabupaten Kudus tumraping warga masarakat panyengkuyung. Panaliten menika kalebet jinis panaliten kualitatif inggih menika panaliten kangge ngandharaken kanthi cetha salah satunggaling perkawis. Perkawis ingkang dipunandharaken inggih menika babagan upacara tradhisi Buka Luwur 1 Sura wonten ing makam Sunan Kudus, kabupaten Kudus kanthi jangkep awit saking asal-usul, lampahing upacara, makna simbolik sesaji lan paedah upacara menika tumrap masarakat panyengkuyung. Asiling panaliten menika nedahaken bilih (1) asal-usuling upacara Buka Luwur menika awit saking tandha pakurmatan dhumateng Sunan Kudus ingkang sampun nggiyaraken agami Islam wonten ing kitha Kudus sanajan ngantos dumugi samenika dereng saged dipunmangertosi surya kaping pinten wafatipun Sunan Kudus, upacara menika kalamapahan saderengipun tanggal 1 Sura ngantos dumugi 10 Sura, (2) lamapahing upacara Buka Luwur menika kawiwitan kanthi acara jamasan pusaka kalajengaken acara-acara panyengkuyung kadosta pengaosan, buka luwur lan damel luwur enggal, munadharah masail diniyyah, donga Rasul lan terbangan, nyembelih sato kewan shodaqoh, khatmil Qur’an bil ghaib, masak daging lan sekul, damel lan mbagi bubur Asyuro, lan mbagi brekat, (3) dene sesajen ingkang kaginakaken wonten ing acara menika kados dene menyan, ndhas maesa, ingkung lan opor panggang ingkang gadhah makna kesaenan tumrap pagesanan, (4) upacara menika ugi gadhah paedah tumrap bebrayan agung wiwit saking paeda budaya, sosial, ekonomi lan ugi pariwisata. Awit saking menika saged dipunpundhut dudutan bilih upacara menika migunani tumrap bebrayan agung amargi saged narik kapitadosan masarakat lan saged kangge sarana pasinaon kabudayan jawa.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: tradhisi buka luwur 1 sura, makam sunan kudus
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 10:52
Last Modified: 30 Jan 2019 01:51
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24851

Actions (login required)

View Item View Item