DERDAHING BATOS PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL “RANGSANG TUBAN” ANGGITANIPUN PADMASUSASTRA

Hidayah, Rizka Astri (2014) DERDAHING BATOS PARAGATAMA WONTEN ING NOVEL “RANGSANG TUBAN” ANGGITANIPUN PADMASUSASTRA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Rizka Astri Hidayah 10205244073.pdf

Download (5MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken wujud derdah batos ingkang dipunlampahi paragatama, faktor ingkang mangaribawani, saha cara ingkang dipunlampahaken dening paragatama kangge mungkasi derdah batos wonten ing novel Rangsang Tuban anggitanipun Padmasusastra kanthi ngginakaken teori psikologi analitis Carl Gustav Jung. Panaliten menika kalebet panaliten deskriptif. Sumber data ingkang dipunginakaken inggih menika teks novel Rangsang Tuban anggitanipun Padmasusastra ingkang ngrembag babagan wujud derdah batos, faktor ingkang mangaribawani saha caranipun paragatama mungkasi derdah batos ingkang dipunlampahi. Data dipunkempalaken mawi cara maos saha nyerat. Piranti panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika kartu analisis data. Panaliti anggenipun nganalisis ngginakaken kartu analisis data, cara ngesahaken data ing panaliten menika mawi teknik analisis semantis lan reliabilitas intra-rater inggih menika maos saha nliti subjek panaliten kanthi dipunambal-ambali dumugi pikantuk data ingkang konsisten, sarta reliabilitas interrater, inggih menika ngrembag asiling panaliten menika kalian dosen saha kanca ingkang kagungan seserepan bab psikologi sastra. Asiling panaliten nedahaken bilih: (1) panaliten menika manggihaken wujud derdahing batos, faktor ingkang mangaribawani, saha cara anggenipun mungkasi derdahing batos ingkang dipunlampahi paragatama, (2) arah penyesuaian paragatama wonten ing novel Rangsang Tuban anggitanipun Padmasusastra kedadosan penyesuaianipun kajugar inggih menika paragatama boten saged ngimbangaken pamanggih saha pangraosipun. Bab menika dados perkawis ingkang asring dipuntliti saha dipungarap wonten ing karya sastra kadosta novel Rangsang Tuban, (3) paragatama novel Rangsang Tuban anggitanipun Padmasusastra inggih menika Warihkusuma, pamanggihipun langkung kathah dhateng arah subjektif (dhiri piyambakipun), (4) sakabehing derdah batos ingkang dipunlampahi dening Warihkusumasaged dipunpungkasi dening piyambakipun. Wonten ing pungkasan cariyosipun, Warihkusuma gesang kaliyan garwanipun ingkang dados raja putri wonten ing kerajaan Banyubiru, dene kerajaan Tuban menika dipunpimpin dening putranipun inggih menika Udakawimba ingkang sampun palakrama kaliyan Rara Sendhang.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: derdahing batos paragatama, novel rangsang tuban, psikologi sastra
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 10:36
Last Modified: 30 Jan 2019 01:50
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24842

Actions (login required)

View Item View Item