STRUKTUR MELODIK TUTURAN PARAGA GAMBIR SALABETING REKAMAN CERKAK “SETENGAH ATI SETENGAH MATI”

Meilantika, Rinda Putri (2014) STRUKTUR MELODIK TUTURAN PARAGA GAMBIR SALABETING REKAMAN CERKAK “SETENGAH ATI SETENGAH MATI”. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Rinda Putri Meilantika 09205241069.pdf

Download (17MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika ancasipun kangge ngandharaken kados pundi wujud struktur melodik tuturan paraga Gambir salebeting rekaman cerkak Setengah Ati Setengah Mati dening Risang Y Sugiyana. Struktur melodik ingkang dipuntliti wonten tigang jinis, inggih menika (1) struktur melodik modus pawarta, (2) struktur melodik modus pitakon, saha (3) struktur melodik modus pakon. Panaliten mujudaken panaliten deskriptif kanthi ngandharaken kados pundi wujud struktur melodik tuturan paraga Gambir salebeting rekaman cerkak Setengah Ati Setengah Mati dening Risang Y Sugiyana menika adhedhasar titikanipun. Data panaliten menika awujud rekaman pamaosan cerkak dening Risang Y Sugiyana. Caranipun ngempalaken data kanthi teknik semak-cathet. Anggenipun ngempalaken data ngginakaken software Praat kanthi ngethok suwanten, damel stylising, textGrid saha alir nada. Gegayutan kalihan cara menika, panaliten menika ngginakaken pirantining panaliten awujud software Praat kangge mbiyantu anggenipun damel digitalisasi suwanten, saha ngginakaken kertu data kangge nggampilaken anggenipun damel analisis. Ing panaliten menika data dipunanalisis kanthi damel digitalisasi gelombang suwanten saking data salajengipun dipunanalisis kanthi mahyakaken titikaning struktur melodik ing saben tuturan miturut jinis modus. Wondene cara ngesahaken data kanthi validitas semantis, reliabilitas stabilitas saha reliabilitas intrarater. Asiling panaliten ngemot saperangan dudutan. Wujud struktur melodik ing saben tuturan mujudaken titikan ingkang boten sami, sedaya adhedhasar konteks cariyos. Ewa semanten ing saben jinis modus saged kaperang dados kalih inggih menika alir nada sansaya inggil saha alir nada sansaya andhap. Modus pawarta alir nada sansaya inggil katitik kanthi interval nada +29,57 Hz utawi +3,95 st. Modus pawarta alir nada sansaya andhap katitik kanthi interval nada -15,01 utawi -1,83 st, saha alir nada sansaya inggil katitik kanthi interval nada +57,44 Hz utawi +7,59 st, alir nada sansaya andhap katitik kanthi interval nada -64,29 Hz utawi -9,38 st. Wondene modus pakon alir nada sansaya inggil katitik kanthi interval nada +30,41 Hz utawi +3,70 st, saha alir nada sansaya andhap katitik kanthi interval nada -65,36 Hz utawi -8,07 st.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: struktur melodik, paraga gambir, rekaman cerkak, fonetik akustik
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 10:31
Last Modified: 30 Jan 2019 01:50
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24839

Actions (login required)

View Item View Item