PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA

Harjanti, Kus (2015) PARAGA ING NOVEL MANGGALAYUDA GUNTUR GENI ANGGITANIPUN ANY ASMARA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Kus Harjanti 09205241023.pdf

Download (8MB) | Preview

Abstract

Panaliten menika ancasipun ngandharaken peran lan watek paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni; lan jinising paraga-paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni. Wujud panaliten menika dipunrembag kanthi madosi watekipun paraga lajeng saking watekipun paraga saged dipunlebetaken ing jinising paragaparaga. Panaliten menika ngginakaken metode panaliten deskriptif. Subjek panaliten inggihmenika novel Manggalayuda Guntur Geni. Data dipunkempalaken mawi cara maos saha nyerat. Piranti ing panaliten inggih menika kertu analisa data. Data ingkang sampun dipunpanggihaken lajeng dipunanalisis mawi teori strukturalisme mliginipun unsur struktur babagan paraga. Caranipun ngesahaken data wonten panaliten menika mawi validitas semantis saha reliabilitas interrater,reliabilitas intrarater. Asiling panaliten nedahaken: (1) paraga ingkang gadhah peran lan watek paling jangkep inggih menika Guntur Geni, Resi Guntur Wasesa, Retna Pandanwangi, Jemblung, Bawor, Prabu Banjarsari, Rara Suli, Surengrana, Adipati Sundara, lan Jaran Dawuk. Ananging wonten ugi paraga ingkang gadhah peran lan watek boten jangkep inggih menika Guntur Maruta, Surengjurit, Tumenggung Surengpati, Resi Tunggulmanik, Resi Sumbing, Jaran Kepang, Jaran Panoleh, lan Jaran Guyang. Guntur Geni minangka paraga ingkang gadhah peran lan watek paling jangkep.(2) Paraga utama inggih menika Guntur Geni lan Resi Guntur Wasesa; dene paraga tambahan inggih menika Surengrana, Surengjurit, Retna Pandanwangi, Jemblung, Bawor, Prabu Banjarsari, Tumenggung Surengpati, Resi Tunggulmanik, Rara Suli, Guntur Maruta, Resi Sumbing, Adipati Sundara, Jaran Kepang, Jaran Panoleh, Jaran Dawuk, lan Jaran Guyang. Paraga protagonis inggih menika Guntur Geni, Resi Guntur Wasesa, Surengrana, Surengjurit, Retna Pandanwangi, Jemblung, Bawor, Prabu Banjarsari, Tumenggung Surengpati, Resi Tunggulmanik, Rara Suli, lan Guntur Maruta; dene paraga antagonis inggih menika Resi Sumbing, Adipati Sundara, Jaran Kepang, Jaran Panoleh, Jaran Dawuk, lan Jaran Guyang. Paraga statis inggih menika Retna Pandanwangi, Jemblung, Bawor, Prabu Banjarsari, Tumenggung Surengpati, Resi Tunggulmanik, Rara Suli, Guntur Maruta, Resi Sumbing, Adipati Sundara, Jaran Kepang, Jaran Panoleh, Jaran Dawuk, lan Jaran Guyang; dene paraga berkembang inggih menika Guntur Geni, Resi Guntur Wasesa, Surengrana, lan Surengjurit. Sedaya paraga ing novel Manggalayuda Guntur Geni kalebet paraga tipikal.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: paraga, novel manggalayuda guntur geni
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 10:20
Last Modified: 30 Jan 2019 01:50
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24833

Actions (login required)

View Item View Item