BASA KIAS ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI ANGGITANIPUN MANTHOUS

Indarwati, Heny Kusuma (2014) BASA KIAS ING CAKEPAN TEMBANG CAMPURSARI ANGGITANIPUN MANTHOUS. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.

[img]
Preview
Text
Heny Kusuma Indarwati 10205241002.pdf

Download (4MB) | Preview

Abstract

Panaliten punika gadhah ancas saperlu damel deskripsi babagan jinis, fungsi, saha makna basa kias wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous. Dhata panaliten punika awujud saking cakepan tembang campursari ingkang dipunanggit dening Manthous. Panaliten punika ngrembag jinis, fungsi, saha makna basa kias ingkang dipunkaji kanthi deskriptif. Dhata dipunkempalaken kanthi teknik maos lan teknik catet, lajeng dipunlebetaken wonten ing kertu dhata saperlu dipunanalisis. Dhata dipunanalisis kanthi teknik deskriptif. Caranipun ngesahaken dhata lumantar validitas semantik lan lelimbangan ahli, saha reliabilitas. Asil saking panaliten punika dipunpanggihaken jinis, fungsi, saha makna basa kias wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous, inggih punika : (1) jinis basa kias, inggih punika; (a) metafora, (b) personifikasi, (c) simile, (d) sinekdoke, (e) metonimia, (f) hiperbola, (g) pleonasme, saha (h) sinestesia, (2) fungsi basa kias wonten ing cakepan tembang campursari anggitanipun Manthous, inggih punika; (a) ndamel cekak tuturan, (b) ndamel endahing swara, (c) kangge nyindir, (d) kangge njlentrehaken, (e) kangge nambah swasana gesang, (f) nuwuhaken kesan, (g) kangge nggambaraken raosing penganggit, saha (h) kangge ndamel tekanan ing tuturan.

Item Type: Thesis (S1)
Uncontrolled Keywords: basa kias, cakepan tembang campursari, Manthous
Subjects: Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa
Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa > Bahasa Jawa
Divisions: Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah
Depositing User: Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS
Date Deposited: 12 Aug 2015 10:13
Last Modified: 02 Nov 2020 04:02
URI: http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24830

Actions (login required)

View Item View Item