Hartanto, Doni Dwi (2014) UNDHA USUK BASA JAWI WONTEN ING SERAT PEDHALANGAN LAMPAHAN KRESNA DUTA. S1 thesis, Universitas Negeri Yogyakarta.
|
Text
Doni Dwi Hartanto 10205241069.PDF Download (2MB) | Preview |
Abstract
Panaliten menika gadhah ancas saperlu ngandharaken jinisipun undha usuk basa Jawi saha prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Lampahan Kresna Duta saged dipundadosaken tuladha panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing padintenan. Jinis panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika panaliten deskriftif. Data panaliten menika awujud ukara-ukara ingkang nedahaken panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Serat Pedhalangan Lampahan Kresna Duta. Pirantining panaliten inggih menika panaliti piyambak sarta kertu data kangge biyantu mendhet data. Data dipunkempalaken kanthi teknik maos saha teknik cathet, lajeng dipunlebetaken wonten ing kertu data saperlu dipunanalisis kanthi deskriptif. Caranipun ngesahaken data lumantar validitas saking lelimbangan ahli, saha reliabilitas. Asiling panaliten inggih menika: (1) jinisipun undha usuk basa Jawi, inggih menika; (a) Ngoko Lugu, (b) Antya Basa, (c) Basa Antya, (d) Madya Ngoko, (e) Madya Krama, (f) Kramantara, (g) Wredha Krama, (h) Mudha Krama, (i) Krama Inggil, (j) Basa Kedhaton, (k) Basa Kasar, sarta (l) Basa Kadewatan; (2) prekawis ingkang ndayani panganggening undha usuk basa Jawi wonten ing Lampahan Kresna Duta, inggih menika; (a) kawontenan pirembagan resmi menapa dene boten resmi, (b) hubungan raket antawising panutur kaliyan mitra tutur, yuswa, drajat, pangkat, saha status sosial, (c) ancasipun tuturan, (d) ukaranipun tuturan, (e) trapsila micantenan, (f) raos manahipun paraga dhateng mitra tutur, sarta (g) unggah ungguh basa panutur ingkang boten sae. Wonten ing panaliten menika ugi kapanggihaken tetembungan ingkang mligi dipunginakaken wonten ing pewayangan Jawi, saha panganggening jinis undha usuk ingkang boten tetep dening panyerat.
Item Type: | Thesis (S1) |
---|---|
Uncontrolled Keywords: | Undha usuk basa Jawi, Serat Pedhalangan, Lampahan Kresna Duta |
Subjects: | Bahasa dan Sastra > Bahasa Jawa |
Divisions: | Fakultas Bahasa, Seni dan Budaya (FBSB) > Pendidikan Bahasa Daerah |
Depositing User: | Admin Pendidikan Bahasa Jawa FBS |
Date Deposited: | 12 Aug 2015 09:55 |
Last Modified: | 30 Jan 2019 01:49 |
URI: | http://eprints.uny.ac.id/id/eprint/24819 |
Actions (login required)
![]() |
View Item |